Sabtu, 11 Februari 2012

PIDHATO BASA JAWA


Dening : Eko Hastuti
Tegese Pidhato 

Pidhato iku dadi salah sijine materi pembelajaran siswa SMP kelas 8 semester 2. Pidhato uga diarani sesorah utawa tanggap wacana. Materi iki bisa wae dadi materi sing ora disenengi para siswa awit pancen merlokake kaprigelan wicara.
Anggone wicara migunakake basa krama alus, ngengingi olehe matur ana ing sangarepe wong akeh, ing sawijining acara kang wis tinamtu papan,  wektu lan ancase. Dadi wong  pidhato iku kudu nduweni ancas/tujuan sing  cetha, aja mung ngalor-ngidul ngladrah ora genah juntrunge. Lha, basa kang dienggo basa krama alus yaiku basa kang kabeh tembunge krama lan wis  kacampuran tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Kejaba iku, pidhato uga nduweni tata cara (etika). Contone : awak ngadeg jejeg lan tangan ngapurancang (kala-kala oleh kemlawe saperlune kanggo nandhesi apa kang diaturake), dadi ora kudu ngapurancang terus. Swara ora kena keseron utawa kerindhiken. Polatane sumeh ora kena karo mrengut, apa maneh mecucu. Pakecapane cetha antarane pakecapan jejeg lan miring. Uga anggone ngucapake aksara d lan dh, antarane t la th kudu trep karo tegese. Nalika pidhato ora pareng nyawang plangitan utawa ngisor, nyawanga marang pawongan kang padha rawuh (aja jelalatan mrana-mrene). Anggone matur aja kecepeten utawa kalonen, sing samadya wae. Syukur yen bisa las-lasan tembunge dadi gampang ditampa karepe/maksude dening kang padha mirengake. Kanthi maneka warna watesan mau, mula ana saperangan wong kang ngarani yen pidhato iku seni wicara ing sangarepe wong akeh. Supaya olehe pidhato bisa narik kawigatene kang padha ngrungokake, olehe pidhato bisaa nuwuhake greget utawa semangat. Syukur bage yen bisa ngandharake panemu/pamikiran kang anyar lan nyata (actual).


Urutane Pidhato

Umume pawongan kang arep ngaturake pidhato, wis mangerteni bab-bab kang kudu kaandharake kanthi urut. Urutan mau dumadi saka :
  1. Salam Pambuka
Miturut agama lan kapitayane dhewe-dhewe (mligine wong kang pidhato) kayata Assalammu’alaikum wr wb.
  1. Pambuka
Kawiwitan atur pakurmatan marang para rawuh kanthi urut saka pawongan kang jabatane luwih dhuwur utawa nyuswane paling sepuh. Tuladhane : Bapak kepala sekolah, bapak ibu guru, bapak ibu karyawan TU, kanca-kanca kelas 7,8, lan 9, lsp. Banjure ngaturake puja-puji syukur marang Alloh SWT .
  1. Isi / Surasa basa
Isi pidhato kaslarasake karo ancase pidhato. Upamane pidhato perpisahan kelas 9, syukuran lulusan SMP, pentas seni, pidhato ing acara ambal warsa/ tanggap warsa/ulang taun, lsp.
  1. Panutup
Isine nyuwun pangapura marang kang pada rawuh mbokmenawa ana kaluputan sajroning pidhato. Ing kene bisa dikantheni parikan, wangsalan, sesanti, lsp. Tuladhane yen dikantheni parikan : kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.
  1. Salam Panutup
Yen salam pamukane nganggo Assalammu’alaikum wr wb ya panutupe wa’laikumsalam wr wb.

Prinsip Nggawe Teks Pidhato

Supaya pidhato bisa katampa kanthi seneng dening kang padha mirengake, olehe nggawe teks ngengingi prinsip-prinsip pidhato kaya ing ngisor iki :
  1. Unity : manunggal, maksude pidhato kudu nduweni angkah kang cetha. Bab iki bisa kadeleng saka isine pidhato.
  2. Coherence : gegayutan, maksude naskah pidhato kudu ana gegayutan antarane perangan siji lan sijine, satemah bisa dimangerteni dening para pamireng.
  3.  Emphasis : penekanan, sing pidhato kudu bisa menehi penekanan bab-bab kang wigati/penting.
Tuladha Pidhato Ing Parepatan Karang Taruna

Assalammu’alaikum wr wb!
Para kadang karang taruna kang cinaket ing manah, sumangga kula dherekaken ngaturaken puja – puji syukur dhumateng Alloh SWT, ingkang tansah paring kasarasan, kalodhangan dhumateng kula panjenengan sami, satemah ing dalu punika saged silaturahmi malih kanthi boten wonten alangan satunggal punapa.
Kados sampun kaserat wonten ing uleman, bilih ing wekdal punika badhe ngrembag babagan rencana mahargya dinten Ibu Internasional ingkang dhawah ing wulan Februari. Kita minangka tiyang Jawi ing tlatah Jawi, gadhah kasugihan ingkang tanpa upami inggih ingkang arupi basa Jawi. Basa Jawi ing tlatah Jawi kaanggep minangka basa ibu. Kathah warga ingkang taksih kersa ngagem kaiyan nguri-uri basa Jawi, sinaosa boten gesang wonten tanah Jawi, kadosta tetiyang ingkang manggen wonten Suriname utawi warga ingkang nindakake transmigrasi ing pulo Sumatra, Kalimantan, utawi sanesipun. Punapa malih kula panjenengan sami ingkang manggen ing tlatah Jawi, temtu nggadhahi kuwajiban nguri-uri basa ingkang sangsaya dangu sangsaya ical pangaribawanipun punika.
Salah satunggalipun cara kangge nguri-uri, kita kedah ngulinakaken ngangge basa Jawi ing parepatan utawi kempalan. Pramila kangge nggugah gregetipun para mudha, samangke badhe kawontenaken maneka warna lomba ing pengetan Dinten Ibu Internasional. Dene jinisipun lomba ingkang badhe kawontenaken sumangga kita rembag sesarengan, dalah panitia, wekdal, papan, saha wragatipun. Supados samangke adicara saged lumampah kanthi rancak lan lancar (sukses). Soksintena ingkang kapilih dados panitia, kasuwun kersaa ngayahi jejibahan kanthi raos ikhlas, tanggung jawab lan sageda bantu binantu satunggal kaliyan sanesipun.
Wasana cekap semanten atur kula, kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.
Wabilahi tufik wal hidayah, wassalammu’alaikum wr wb! 
               (Kapethik saka LKS Basa Jawa Kls 8 : 2009/2010, kanthi owah-owahan)

1 komentar:

Unknown mengatakan...

Maturnuwun banget,ana artikel bab pidhato nganggo ular ular basa Jawa.

Muga muga aku bisa methik pangerten iki kanggo mbiyantu pidhato saben sasi nganggo basa Jawa.

Kesuwun.