Minggu, 05 Februari 2012

KUTHA WONOSOBO

Dening : Eko Hastuti
 Kutha kang jembar bawera
Ngilak- ilak  sapendelenging mata
Cumondhok ing tengahing arga
Ereng-erenge Sumbing, Prau, Sindoro, Bismo lan Telomoyo

Papane dhuwur ngawiyat
Antara 270 tekan 2.250 meter  saka lumahing samodra
Hawane adhem gawe tentrem
Tumraping warga kang wus padha katrem
Kaisik-isik sumribiting maruta
Tumiyub sribat-sribit, silir-silir
Leledhang nglelipur nala
Kang  cuwa, sungkawa, lan nelangsa
Dadi mulya

Tetanduran kang ijo royo-royo
Ing sawah, tegal lan pereng-pereng gunung
Sedhep sinawang netra
Rumesep pating trecep ing telenging ati
Dadi tandha kamurahaning Gusti kang welas asih
Nyipta bumi pertiwi kanthi sampurna
Mrih para jalma manungsa suka parisuka
Amemangun raharjaning praja

Tuk, belik, sendhang lan tlaga
Banyune kimplah-kimplah kaya segara
Dadi punjering plancongan padha teka
Ngendhangi  Dhieng, Tlaga Pangilon, Tlaga Warna
Kawah Sikidang, Guwa Semar lan Tuk Bimolukar
Kang sumebar ing saindhenging Kutha
Kang sakawit gung liwang-liwung
Kabubak kawah dening  Kyai Kolodele, Kyai Karim lan Kyai Walik
Duk abad kaping 17 kawiwitane ngumbara
Ing Dieng, Kalibeber, lan papan kang saiki dadi punjering kutha
Kang sabanjure katetepake dadya
Tanggal mijiling kutha, bebukaning crita
Tiba ana wulan Juli tanggal patlikur tahun 1825
Saben 24 Juli kapengeti dadi dina dumadine kutha
Wus kawuningani dening sagung warga
Kabeh samya mangayubya kanthi gumbira

Wonosobo, 5 Februari 2012


Tidak ada komentar: