Selasa, 07 April 2015

MLANCONG

digadhang ing samangsa sela
ati lega lan wragad sumadya
kepingin ngumbar rasa mrih bingar
padhang sumunar mubyar-mubyar
telenging ati kang wis lungse
katrem ing dina-dina amem
kebak rengga kakehan sangga
wisata myang papan-papan endah
ngenggar-enggar penggalih, ngumbar mata
gawe suka pari suka
ngudhar cabar kang gumelar
nganggit gurit
ngenam pangentha
sakabehing lelakon kang rinasa
tabeting leledhangan ing papan edi
kang ngrerujit ati
nggaret tatu telenging kalbu
ora mung wewangunan kang gawe gumun
ora mung maneka warna rerenggan
kang nyamut-nyamut diemut
ning ana sawernaning boga kang ngawe-ngawe lambe
uga rasa kang ngebaki dhadha
tumanem njaluk direngga nganggo basa
kang lungit senajan mung sapada
ing ngendi maneh mlancong
sawise ngelapi kringet kang tau tumetes ing Yogya
Manggisan Asri, 3 April 2015

4 komentar:

Java In Blue mengatakan...

Bagus banget tulisannya, thanks yaa.. Renungan

jaka mengatakan...

makasih gan infonya dan salam sukses

tejo mengatakan...

mantap bos artikelnya dan sangat menarik

sarmin mengatakan...

makasih gan infonya dan salam sukses