Selasa, 07 April 2015

AKU KEPINGIN

kaya alang-alang
kang jejogedan nalika kasempyok samirana
leledhang kanthi gumbira
tansah dzikir ngagungake asma kang maha kuwasa
tanpa sebawa
kaya srengenge
kang tansah sumunar ngawe-awe
aweh pepadhang awit esuk tumekaning sore
mecaki dalan-dalan panguripan
senajan kerep dinakwa ala
senajan kalimput pedhut lelimengan
kagubel mendhung lan katrajang derese udan
nanging tetep dadi rodhaning zaman
kaya rembulan
kang mesem ing telenging wengi
sareh dadi ayang-ayange srengenge
senajan mbleret wayang rina, cumlorong kinclong
nalikane mbulan ndadari
edi peni sinawang gawe tentreming ati
kaya banyu
kang gomrojog bening
seger dinulu gawe tentreme kalbu
sumusup ing saindhenging papan
kang sela lan lega
tumuju telenging samodra
kanthi miyak maneka coba kang kepingin nyumpet lakumu
kang kebak suka lan dhuhkita
kaya mega
kang arak-arakan ing cakrawala
nggambar langit kanthi lungit
dadi pratandha udan bakal tumiba
apadene pralambang anane prahara
peteng ndhedhet, mendhung lelimengan
ning kadang kala, katon endah renyah
gawe bungah kabeh manungsa
kaya gunung
kang ngadeg jejeg gagah pideksa
teteg kagubed kandeling pedhut
meneng sinorot panase srengenge
anteng katrajang lesus
tetep biru maya ing angkasa
kaya samodra
kang njembar bawera tekan pucuking mata
gawe bungah ati kang susah
kaslimur ebure manuk lan godhong klapa kang jejogedan
ing gisiking segara
ngancani sanak kadang kang golek penguripan
golek iwak nyandhing jala kanggo golek upa
aku iya kepingin
kaya mbulan sing nglilakake srengenge
sumorot padhang mecaki bumi
kaya gunung kang nglilakake angin
nrabas ing gegering arga
nyimpen tuk kang banjur mili ing kali-kali
senajan kudu nadhah derese banyu udan
lan kelangan sumbering panguripan
kang wis leledhang ing telenging samodra
kaya angin sing wis ngobahake alang-alang
ngadhemake panase srengenge
kang manggang godhong lan pang
gawe adhem, ayem lan tentrem
kaya antenge segara sing sumadya nampa
tekane banyu tawa tan kinira gumrojog bena
mandheg ing pepesthening takdir
sadurunge kabeh sirna
Manggisan Asri, 2 April 2015

Tidak ada komentar: