Selasa, 07 April 2015

KALI SERAYU

Ing puputing mangsa ketiga iki
Katon esemu kang edi
Kumriciking banyumu mili ing sadawaning kali
Leledhang nyempyok kanan kering
Nyenggol watu-watu garing
Yagene lakumu marikelu
Madeg mangu
Kadya nunggu kancamu kang murca
Sumusup ing oyot-oyot tuwa
Ndhelik ana sela-selaning lemah nela
Awit udan ora teka-teka
Apa krana salah mangsa
Gumrujuge banyu tawa ing perenging kampung kali
Dadi seksi
Banyu kali kang sepi ora kaya wingi
Nalika udan gedhe, lakumu katon ngawe-awe
Ngajak lelumban lan gegojekan
Kepara apa wae kokranggeh
Nganti playune menggeh-menggeh
Godhong, pang, wit-witan, sawah lan omah
Katrejang banjir bandhang
Kabeh ilang
Manggisan Asri, 31 Agustus 2012
KALI SERAYU
Ing puputing mangsa udan iki
krasa esemu nyala wadi
ora pait madu malah legi bratawali
krodhamu gawe gila, sapa wae kang rumangsa
dene kowe dadi memala kang nyebar dhuhkita?
lakumu ora leledhang maneh nanging malih banjir bandhang
kabeh koktrajang, ilang
pralon ledheng dalane sumber panguripan
kontal mbuh tekan ngendi paran
dadi ilang gandane, nunjem perihe
banyu bening sing kimplah-kimplah
murca wutah lambah-lambah
rupamu bening leri
gawe mirising ati
nganti kapan tekamu, banyu bening
kapangku wis tan winates
nggrantes nunggu tetesanmu
kanggo tamba ati
sing garing mekingking kaya aking
dadi teles kebes
anyes
Manggisan Asri, Wonosobo, 23 Februari 2015

Tidak ada komentar: