Selasa, 07 April 2015

NGANGSU

parak esuk wayahe jago kluruk
sorote srengenge tata-tata jumedhul ngawe-awe
wiramane kodhok ngorek isih keprungu
kidunge alon tumrecep ing kalbu
repet-repet katon regemenge wewayangan
kang lumaku nut ing dalan-dalan lelimengan
manggul lodhong ngindhit klenthing
wong padesan duk nguni apek banyu bening
linakonan kanthi lila legawa
tanpa nggresula ngayawara
geneya saiki ngangsu dadi barang langka
linakon abot keranta-ranta
awak lungkrah semplah ora nggenah
ati mangkel mbedhekel nggedumel
pegel
pancene beda jaman beda rasane
beda pangrengkuhe lan tumanggape
ya amung titah sewantah kang tansah kojah
kabeh ginaris ing pepesthening urip
sumarah mring Gusti iku dadi kunci
tumanduk ing lereming ati
ora mbiyen ora saiki
ngangsu ora mung banyu tawa
iya ngangsu kawruh lan agama
sranane nggayuh sentosa lan nggranggeh mulya
mecaki dalan-dalan kauripan kang angel linakonan
ora saderma ngangsu banyu
amarga iku mung pacoban kang ora sepiroa
isih adoh panjangka kanthi dalan rumpal
kang kudu jinangkah lila legawa
Manggisan Asri, Wonosobo, 1 Maret 2015

Tidak ada komentar: