Jumat, 31 Agustus 2012

KALI SERAYU


Geguritan

Kali Serayu apik dianggo foto
Ing puputing mangsa ketiga iki
Katon esemu kang edi
Kumriciking banyumu mili ing sadawaning kali
Leledhang nyempyok kanan kering
Nyenggol watu-watu garing

Yagene lakumu marikelu
Madeg mangu
Kadya nunggu kancamu kang murca
Sumusup ing oyot-oyot tuwa
Ndhelik ana sela-selaning lemah nela
Awit udan ora teka-teka
Apa krana salah mangsa

Gumrujuge banyu tawa ing perenging kampung kali
Dadi seksi
Banyu kali kang sepi ora kaya wingi
Nalika udan gedhe, lakumu katon ngawe-awe
Ngajak lelumban lan gegojekan
Kepara apa wae kokranggeh
Nganti playune menggeh-menggeh
Godhong, pang, wit-witan, sawah lan omah
Katrejang banjir bandhang
Kabeh ilang



Workshop lan Silaturohmi


Bapa Darmadi Prasaja kaapit para anggota 
Wonosobo – Kemampuan pedagogik guru nggadhahi mupangat ingkang kathah tumrap mindhakipun kasil pamulangan. Mila kompetensi guru kedah tansah dipunindhakaken kanthi dherek diklat, pelatihan, workshop, utawi sanesipun. Kanthi menika, MGMP Basa Jawi Kabupaten Wonosobo ngawontenaken workshop Bahan Ajar nalika dinten Kemis, 30 Agustus 2012 kepengker wiwit jam 08.00 dumugi jam 13.00 WIB. Workshop ‘lanjutan’ menika kaleksanakaken wonten ing RM. & Kampung Bermain “ Kampoeng Kali “ Jujugan Serayu, Desa Randegan, Kecamatan Sigaluh, Banjarnegara.
Saderengipun kondur foto rumiyin wonten lepen Serayu.
Ing acara menika ugi kaandharaken babagan PKG lan UKG dening Bapa Darmadi Prasaja minangka kepala sekolah pendamping MGMP Basa Jawi. Dene acara sanesipun inggih halalbilhalal awit pasamuan ngepasi bibar Riyadi 1433 H. Kejawi kangge nyambung silaturohmi ugi minangka srana ngapura-ingapuranan antawisipun pengurus kaliyan anggotanipun. Bapa Edy Sunyono ingkang kajibah atur wedharan babagan ngibadah Siyam lan Riyadi. Kanyata, perkawis kalih menika mengku teges ingkang wigatos tumrap gesangipun manungsa. Liripun, kanthi nindakaken ngibadah siyam ing wulan Ramadhan saged methik pinten-pinten mupangat. Kadosta ingkang dipunngendikakaken Bapa Edy bilih “ Siyam saged ningkataken iman lan taqwa dhateng Alloh SWT. Kanthi siyam ugi saged ningkataken raos sabar lan boten gampil duka. Siyam ugi saged ngindhakaken amalan sodaqoh dhateng ngasanes. Dados sodaqoh menika sasagedipun kalampahaken ing kawontenan longgar utawi cupet. Bab-bab menika saged nuladha dhateng kapribadenipun nabi Muhammad SAW kang satuhu luhur ing budi”. Acara ingkang kairing swanten kumriciking toya ing lepen Serayu ndadosaken manah sangsaya kraos pating trecep.
Ngapura-ingapuran 
Saderengipun acara jabat asta ngapura-ingapuranan, pasarta workhop katuran dhahar sekul pecel lawuh ulam tawa bakar. Dene unjukanipun jus jeruk. Pacitan ingkang arupi kacang godhog, pisang goreng kalian tempe kemul kraos ces pleng kadhahar punapa malih unjukanipun wedang jahe anget. Jan, ndadosaken kawontenan dados anget kebul-kebul lan regeng sanget. Sawetawis pasarta lajeng kapilut endahing lepen Serayu ingkang kebak sela ageng alit pating pecungul ing tepising toya kang mili banter. Salajengipun acara katutup kanthi waosan donga ingkang dipunpandhegani dening Bapa Edy Sunyono. 

Rabu, 29 Agustus 2012

NGANGSU KAWRUH



Ombyaking donya tan  kinira
Kadya mumbul ndedel ngangkasa
Sundhul ngawiyat
Kebat kliwat
Ing pangentha-entha
Ing panguda rasa
Ing panggraita

Duk nguni bumi kang siji
Katon gumilar jembar gilar-gilar
Adoh dinulu, suwe tinuju
Mung lelangenan kang nglambrang
Turut lurung-lurung dalan kang peteng lelimengan

Dene ing jaman samangke
Sarwa padhang kencar-kencar
Sumunar cahyane
Terang langite
Sumebar wartane
Tanpa winates papan lan wektu kanggo  nunggu nganti nglilir turu

Awit sakehing usada
Wiwit ngladhi, ngudi lan nguri-uri
Kawit miyaki, nintingi, dalah ngonceki
Mrih lestari ing tembe mburi
Ya krana ngangsu kawruh
Samubarang kang durung weruh
Tanpa ewuh pakewuh
Datan ruruh

Soksapaa enggal cancut taliwandha
Ngrenda dina-dina kebak beja lan mulya
Nganggit gurit kang ngrerujit jiwa
Ngangsua kawruh kang utama
Mrih uripira santosa

Wonosobo, 29 Agustus 2012



NAWANG WULAN
(Gurit kagem Mbak Nawang Wulan)

Dening : Eko Hastuti

Nadyan mung esemu kang ngujiwat
Aneng jagading alam’maya’
Wus gawe tumreceping rasa lan jiwa
Amemangun karyenak sasama
Nenangi impen-impen duk nguni
Guritmu pancen ngedab-edabi

Wulan ndadari
Upama kacandra
Lantip ngrenda wanda
Antep reroncening tembung-tembung
Numpes ati kang kumlawung suwung dadya adi luhung

Wonosobo, 29 Agustus 2012





 






Jumat, 17 Agustus 2012


Dirgahayu Republik Indonesia
HUT KEMERDEKAAN RI KE- 67 
17 Agustus 2012

Kartu Ucapan Lebaran Berbahasa Jawa


KISI-KISI DAN MATERI UKG ONLINE BAHASA JAWA

Kagem para dwija basa Jawi ingkang badhe ndherek UKG Online mbenjang wulan Oktober temtunipun sampun langkung siyaga tinimbang dinten kepengker (pungkasanipun wulan Juli lan wiwitanipun Agustus). Inggih rikala UKG Online ingkang babag kapisan dipunwontenaken. Kula namung ndherek bingah menawi leres mekaten. Nanging menawi kasunyatanipun suwalikipun ateges dereng siyaga, kula nggih ndherek bingah ugi awit kula lajeng wonten kancanipun. Kanca sami-sami dereng siyaga ndherek ujian. Kanthi punika, mangga sesarengan gladhen bab materi UKG basa Jawi ingkang sampun wonten kisi-kisinipun. Dene kagem kanca ingkang dereng kagungan kisi-kisi mapel basa Jawi, punika kula aturaken namung nggih ngagem basa Indonesia kados aslinipun saking Kemendiknas.

Ujian Kompetensi Guru (UKG) Online Damel Kisruh

Dening : Eko Hastuti

Tumrapipun para dwija SD/SMP/SMA Negeri utawi swasta cekakan UKG temtu sampun akrab wonten talingan dalah penggalihan. Inggih, panci sampun sawetawis wekdal, babagan UKG Online punika dipunkepyakaken dening pamarentah, mliginipun dening Kementrian Pendidikan Indonesia. Ing sakawit, ancasipun UKG Online dipunwontenaken kagem sedaya guru kanthi ancas kalih. Sepisan kangge pemetaan penguasaan kompetensi para dwija (pedagogik kalihan profesional) minangka kagem dasar lelandhesan anggenipun ngleksanakaken program pembinaan kaliyan pengembangan profesi guru kang awujud PKB (Pengembangan Keprofesian Berkelanjutan). Kaping kalih kangge entry point penilaian kinerja guru kaliyan kangge piranti kontrol lumampahipun UKG punika. Kanthi mangertosi ancas punika, kedahipun para dwija boten benget utawi kuwatos. Wonten buku panduan UKG ugi dipun jlentrehaken bilih kasilipun UKG Onlien boten badhe medhot tunjangan sertifikasi guru ingkang sampun dipuntampi. Ngengingi pelaksanakan UKG Online ngkang boten sukses amargi wonten kathah kekirangan bab software-ipun, SDM tenaga teknisipun, ugi kesiapan para dwija nindakaken ujian ingkang taksih model anyar punika, mila menawi dipunundur ugi memper kemawon. Mugi-mugi kathahipun panyaruwe ingkang setuju kaliyan ingkang boten setuju babagan pelaksanaan UKG Online punika dados penggalihan dening pamarentah. Punapa UKG tetep perlu dipunwontenaken, punapa dipunbatalaken kemawon, punapa tetep dipunlaksanakaken kanthi perencanaan ingkang langkung mateng malih. Kados pundi menawi pamanging panjenengan sami? Mangga dipuntanggapi kemawon. Matur nuwun

KISI-KISI KOMPETENSI PROFESIONAL BAHASA JAWA

Kompetensi Profesional :

A. SK : Memahami, menganalisis, memaknai, menjelaskan, dan membelajarkan tata bahasa Jawa
KD : memahami, menganalisis, memaknai, menjelaskan, dan menerapkan paramasastra Bahasa
Jawa

Indikator :
1. Menjelaskan tata kata (tata tembung dalam bahasa Jawa)
2. Menerapkan unggah-ungguh basa
3. Menyebutkan tata bunyi dalam bahasa Jawa
4. Melakukan pidato dengan baik dan menarik

B. SK : menyebutkan, menganalisis, dan membelajarkan kawruh basa Jawa
KD : memahami, menganalisis, menjelaskan, dan menerapkan kawruh basa Jawa

Indikator :
5. Menjelaskan kagunan (estetika) satra Jawa (paribasan, bebasan, saloka, purwakanthi, dasanama, dan lainya)
6. Memberikan contoh basa endah : pepindhan, parikan, dan wangsalan
7. Memberikan contoh tembung entar, tembung garba, jarwo dhosok, cangkriman
8. Menjelaskan nama-nama anak hewan, isi buah, bunga tumbuhan dalam kalimat/ungkapan basa Jawa

C. SK : Menyebutkan, menganalisis, memaknai, menjelaskan, dan membelajarkan budaya Jawa
KD : menyebutkan, menganalisis, memaknai, dan menjelaskan budaya Jawa

Indikator :
9. Menjelaskan mengenai seluk-beluk budaya Jawa secara umum (filsafat Jawa, pranata sosial Jawa, dan lain-lain)
10. Menjelaskan makna symbol-symbol dalam budaya Jawa
11. Menjelaskan ungkapan dalam budaya Jawa
12. menjelaskan upacara tradisional Jawa
13. Menjelaskan aspek-aspek budaya wayang Jawa

D. SK : menyebutkan, menganalisis, memaknai, menjelaskan, dan membelajarkan aksara Jawa
KD : menyebutkan, membaca, dan menulis aksara Jawa

Indikator :
14. Menyebutkan asal usul aksara Jawa
15. Menyebutkan tata penulisan aksara Jawa
16. Membaca aksara sesuai dengan kaidah penulisan aksara Jawa yang baik dan benar
17. Menyebutkan metrum tembang Jawa
18. Memaknai syair-syair temang Jawa dalam kaitannya dengan pendidikan karakter

E. SK : menyebutkan, menganalisis, memaknai, menjelaskan, dan membuat sastra Jawa
KD : menyebutkan, menganalisis, memaknai, menjelaskan, dan membuat sastra Jawa

Indikator :
19. menyebutkan contoh unsur-unsur keindahan dalam sastra
20. menyebutkan contoh karya satra Jawa
21. Mengenal tokoh pujangga Jawa
22. Menguraikan isi serat-serat klasik karya pujangga Jawa
23. Menguraikan isi karya sastra Jawa modern (geguritan, cerkak, novel Jawa)

Tata kata / tata tembung bahasa Jawa

MATERI UKG BAHASA JAWA

Tembung inggih punika rerangkening wanda ingkang ngemu teges. Dene wanda (suku kata) inggih punika rerangkening aksara ingkang dumadi saking aksara urip (vokal) lan aksara mati (konsonan). Tembung samangke saged kangge ndhapuk ukara.

Miturut golonganipun tembung kaperang wonten 10 inggih punika :
1. Tembung aran (Kata Benda)
Tuladha : klambi, buku, omah, tas, sepatu, sepedha, lly
2. Tembung Kriya (Kata Kerja)
Tuladha : mangan, macul, nulis, nuthuk, nggawa, nggoreng, nyangking, nyawang, lly
3. Tembung sesulih (Kata Ganti Orang)
Contho : aku, kowe, dheweke, ibu, bapak, panjenengan, lly
4. Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Conto : siji, telu sangan satus, satus loro, rongatus, sethithik, separo, saunting, akeh, lly
5. Tembung Sipat/Kahanan (Kata Sifat)
Conto : larang, murah, tipis, kandel, gedhe, cilik, pinter, bodho, kesed, sregep, lly
6. Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
Conto : kene, kono, kana, mau, tengah, ngisor, wetan, elor, kulon, lly
7. Tembung Panguwuh (Kata Seru)
Conto : adhuh, wah, lho, elha, eh, uh, ah, we lha, lly
8. Tembug Sandhangan (Kata Sandhang)
Conto : Si, Sang, Hyang, Raden Rara, Kyai, lly
9. Tembung Panggandheng (Kata Sambung)
Conto : lan, karo, sarta, dene, ewadene, ewasemono, nanging, wusana, sarta, lly
10. Tembung Pangarep (Kata Depan)
Tuladha : ing, ana, saka, menyang, sing, lly

APA TUMON

Dheg-Dhegan Saben Dikirim Diklat

Lelakon iki dakalami wis sawetara taun kepungkur. Papane ajeg mung beda ruang utawa kamar penginapan wae. Papan mau dumunung ana laladan Semarang. Iya papan kanggo pelatihan para kadang guru sa-Jawa Tengah. Lelakon sepisanan sing taktemoni taun 2000 yen ora kleru. Wektu semana aku melu diklat Guru Bahasa Jawa. Suwene diklat kaya-kaya 3 dina. Ngepasi malem dina katelu, ndadak ngalami kadadeyan kang nyalawadi. Rampung kegiatan mbengi, aku karo Mbak F sing sakamar mlebu kamar ing sisih kulon Mesjid. Nomer kamare aku lali.
Rasane kok beda karo wengi sadurune. Ana rasa tintrim lan anyes, kamangka mau sing dirasakake sumuk terus. Sawise cukup anggonku salin, sholat Isya, lan kaperluan liyane, aku wiwit mapan turu. Semono uga Mbak F sing beda agama uga katon umak-umik ndonga manut kapitayane dhewe. Kaya-kaya kemul lagi wae dipancal, kok dumadakan Mbak F nyuwara ah..uh…hah…karo sirahe ndhangak-ndhangak. Kaya wong katekeg gulune kae, ora bisa ambegan mung bekah- bekuh. Aku sing durung bisa turu, banjur nyedhaki arep nggugah. Nanging iba kagetku, Mbak F malah saya njola-njola kaya wong ngamuk. Sirahe mabit ngiwa nengen, ambegane ngungsrung. Mengeh-menggeh karo tetep ah..uh..ah..uh ditakoni ora bisa ngomong. Saking wediku banjur aku ngundang kanca-kanca liyane. Bapak-bapak sing isih padha jagongan ing njaba, age-age mlebu aweh pitulungan. Ana sing ndongani, ana sing njukuke banyu putih kon ngombe, la ana sing ngoyok-oyok awake ben tangi. Alhamdulillah, Mbak F banjur tangi. Bareng ditakoni jare diweruhi wewujudan gedhe dhuwur, ireng mencereng kang nggegirisi. Rasane kaya ngenteb awake nganti ora bisa obah.

APA TUMON

Kagem para siswa ingkang sampun dados anggota Grup Pasinaon Basa Tuwin Sastra Jawi, cariyos punika migunakaken unggah-ungguh basa ngoko alus. Saperangan ukara wonten ingkang abasa krama alus. Mugi-mugi saged dados tuladha lan pangertosan. Kagem para kadang sutrisna ingkang satuhu kinurmatan, mangga dipunpundhut hikmahipun kemawon. Nyuwun pangapunten menawi kirang pirenan ing galih. Nuwun
 ****************
Salah Mlebu Ruangan

Dina Kemis, 9 Agustus 2012 kepungkur aku entuk uleman saka MGMP Basa Jawa melu workshop ana SMPN 2 Wonosobo. Manut uleman, acara diwiwiti jam 08.00 WIB. Sarehne olehku mangkat rada telad tur anggonku nunggu angkutan lumayan suwe, tekan SMPN 2 wis nyepaki jam 09.00 WIB. Jelas yen telad, mula aku age-age mlaku setengah mlayu tumuju ruang MGMP ing lantai 2 sing biasa kanggo acara MGMP. Ndilalah dhek Kemis sadurunge ya ing papan iku. Kanthi semangat 45 aku ngener ruang mau. E..lha temenan, aku telad wis rada suwe, katon yen pasartane wis kebak. Karo uluk salam (Assalammu’alaikum) aku matur, “Nyuwun ngapunten Pak, kula telad. Kala wau kendharaanipun ewed”. Nara sumber sing ora takngerteni asmane lan jumeneng ana sangarepe pasarta ngendika, “Ngga apa-apa Bu, saya juga baru saja mulai. Silakan cari tempat duduk”. Aku langsung mlebu karo clingak-clinguk golek lungguhan. Amarga papane wis kebak aku njur mung ngodak-ngadek wae.

Kitha Wonosobo

Assalammu'alaikum wr wb!

Kagem para kadang sutrisna ingkang dereng nate tindak dhateng Wonosobo punika salah satunggalih papan wonten punjering kitha. Inggih Pendhapa Bupati Kabupaten Wonosobo ing sisih leripun alun-alun wonosono. Sampun sawetawis wekdal ing pintu gerbang-ipun cumondhok artefak candhi Dieng ing sisih kering kananipun. Kahanan lajeng kraos benten, kadosdene kawontenan ing sakiwatengenipun kitha Borobudur. Raos seni ugi mambet-mambet nilai sejarah lajeng tumrecep wonten manah. Mratandhani bilih kitha Wonosobo punika ugi nyimpen cariyos legendha ugi sejarah nggadhahi gegayutan kaliyan penyebaran agama Hidhu lan Budha awit saking wontenipun tilaran candhi ing tlatah Dieng lan sanesipun. Muturut asal-usulipun Wonosobo kabubak kawah dening priyayi tiga, inggih punika Kyai Walik, Kyai Karim lan Kyai Kolodete. Gambar punika kapundhut dening Bapak Onie Wiyono ingkang ngasta wonten Dinas Pariwisata Kabupaten Wonosobo. Mangga kasetitekaken kemawon gambaripun, mbokbilih samangke lajeng kepingin tindak dhateng Wonosobo. Dene kagem para warga Wonosobo ingkang badhe mudik, ampun kesupen ngenggar-enggar penggalih woten alun-alun ingkang sapunika panci dados salah satunggaling panggenan alternatif kangge wisata, olah raga, ugi kagem sesadeyan para pedagang kaki lima. Sawernining jajanan (kuliner) wonten, kacawisaken sumangga kantun milih kemawon. Punapa malih menawi ngepasi dinten Minggu, alun-alun ketingal regeng sanget.

Sugeng Rawuh wonten Wonosobo ASRI (Aman, Sehat, Rapi lan Indah).

Nuwun Wassalammu,alaikum Wr WB.


Kamis, 16 Agustus 2012

MERCON NGOBARAKE WIT RINGIN


Kembang api ing alun-alun
WONOSOBO - Ing wulan pasa iki, alun-alun Wonosobo dadi papan sing narik kawigaten para pengunjung. Kejaba papane kang jembar tur resik, alun-alun direnggani dening maneka lampu kang  tumata apik. Uga wit-wit ringin kang gedhe dhuwur lan  ngrembayah godhonge pancen mrebawani yen disawang ing wayah remeng-remeng/bengi. Regemenge wit ringin mau  gawe swasana kang  ngresepake kanggo padha jejagongan utawa rerempon. Ya, ing papan mau, dina Rebo wingi, 15 Agustus 2012 wetara jam 19.00 WIB wayah ngarepake Sholat Isya ada kedadeyan kobaran. Salah sijine wit ringin ing sangarepe pendhapa lan cepak Tiyang Bendera iku kobaran amarga kena jumebluke mercon kang disumet dening  salah satunggaling pengunjung alun-alun. Kobaran kang saya suwe saya gedhe ndadekake kuwatire warga kang weruh kadadeyan mau. Mula banjur ana sing ngabari petugas Dinas Kebakaran Kabupaten Wonosobo kang ndilalah papane cepak karo alu-alun. Penere ing sisih kulon alun-alun kira-kira  200 meter.
Ora wetara suwe, petugas banjur kasil mateni geni sing wiwit mbulat-mbulat. 

Endahe kembang api dianggo begraund foto-foto
Kadadeyan iki bisaa dari pepiling para warga mligine sing seneng nyumet mercon ana alun-alun. Senajan nyumet mercon lan kembang api bisa nambahi sesawangan kang endah ing alun-alun  wayah bengi, nanging perlu diwaspadhakake kedadeyan kaya mau. Durung yen, mercon mau ngenani pawongan kang nyumet apamaneh ngenani wong liya sing padha nonton utawa liwat. Kanthi anane kedadeyan mau, perlu digatekake dening para pawongan sing seneng nyumet mercon.




Wit ringin kang kobaran
Kanyata mercon iku bisa gawe musibah sing ngrugeni masyarakat lan pamarentah. Wit ringin ing alun-alun iku nduweni mupangat werna-werna. Kejaba endah disawang, bisa ngetokaken oksigen kang diperlokake kanggo ambegan, nyedhot gas karbondioksida sing metu saka maneka warna kendaraan kang liwat ngubengi alun-alun, uga kena kanggo ngeyup pasarta upacara bendera  ing pengetan dina-dina  gedhe. Luwih-luwih ing sangisore alun-alun wis kacawisake papan-papan permanen kanggo lelungguhan. Coba menawa wit  ringin padha rusak/mati, kahanan ing alun-alun mesthi dadi beda.   

(Foto kajepret dening Gilang Permana)

Minggu, 12 Agustus 2012

PAEDAHIPUN SIYAM ING WULAN RAMADHAN


Boten kraos dinen  Riyaya tahun punika (2012) kantun seminggu malih. Ateges anggenipun kula panjenegan sami ingkang nidakaken ngibadah siyam sampun tigang minggu lumampah. Ingkang dados penggalihan wonten mriki, “ Punapa siyam kita sampun kalampahan kados dhawuhipun Alloh SWT?”. Siyam ingkang boten namung nyegah dhahar lan ngunjuk wiwit fajar ngantos angslupipun baskara ing wanci ngajengaken magrib. Punapa siyam kita namung sadremi nglampahi kadosdene budaya ingkang sampun dipuntilaraken para leluhur saderengipun ngancik dinten Riyaya?. Punapa siyam kita sampun andadosaken jiwa kita ngalami ewah-ewahan dhumateng kasaenan, kashalehan, kaikhlasan, lan sapanunggalanipun? Mangga dipunpenggalih piyambak-piyambak. Seratan punika dhawah namung kagem pepiling mliginipun dhateng kula piyambak, sumrambahipun dhumateng panjenengan sami.

Dasaripun wajib siyam :
ÙŠَا Ø£َÙŠُّÙ‡َا الَّØ°ِينَ Ø¢َÙ…َÙ†ُوا Ùƒُتِبَ عَÙ„َÙŠْÙƒُÙ…ُ الصِّÙŠَامُ ÙƒَÙ…َا Ùƒُتِبَ عَÙ„َÙ‰ الَّØ°ِينَ Ù…ِÙ†ْ Ù‚َبْÙ„ِÙƒُÙ…ْ Ù„َعَÙ„َّÙƒُÙ…ْ تَتَّÙ‚ُونَ
He, wong-wong kang padha iman, diwajibkan kanggo kowe kabeh pasa kaya dene diwajibake wong-wong sadurungmu supaya kowe kabeh padha takwa (Al-Baqoroh 183).

Siyam ingkang dipunwajibaken dhateng sedaya umat muslim ingkang mukallaf (baliqh lan nggadhahi ngelmu), mampu nindakaken siyam, lan mukim (sanes musafir ingkang tebihipun kirang langkung 82 km) punika sajatosipun nggadhahi pinten-pinten paedah. Paedahipun inggih punika saged kangge nyegah hawa napsu, ngirangi syahwat, minangka srana kangge nukulaken raos eman lan remen tetulung dhateng fakir miskin, kaliyan saged nyegah  saking tumindak maksiyat.

Paedahipun siyam ing wulan ramadhan, antawisipun :
1.      Kangge nglatih sikap disiplin wekdal : kita dipunlatih disiplin kapan kedah dhahar lan ngunjuk, kapan kedah nahan hawa napsu, kapan wekdalipun  sholat wajib, buka, sholat tarawih, iktikaf, maos Al Qur'an kita tindakaken wekdalipun.
2.      Nggladhi gesang ingkang imbang antawisipun nyambut damel kaliyan ngibadah. Anggenipun nyambut damel tetep grengseng (semangat) nanging anggenipun ngibadah ugi dipuntingkataken.
3.      Nglatih supados kula panjenengan sami nengenaken raos pasedherekan lan silaturohmi. Upaminipun caos takjil/jaburan kangge buka sareng-sareng, tadarus sesarengan, sholat tarawih kanthi jama’ah, ningkataken sedekah wonten masjid lan sanesipun, mbayar zakat, lan sapanunggalanipun.
4.      Gladhen ngraosaken rekaosipun tiyang fakir miskin, ingkang tansah ngelih lan ngelak. Bab punika andadosaken gampil ngraosaken (empati), remen nggatosaken kekiranganipun tiyang sanes (simpati), lan remen tetulung tiyang ingkang rekaos (peduli).
5.      Nglatih sikap ingkang tansah eling dhateng ancasipun gesang. Gesang wonten ngalam donya punika boten sanes inggih supados ngibadah dhateng Alloh. Nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilar punapa kemawon larangan-laranganipun. Tiyang  punika dados kholifah (utusan ingkang saged mimpin), utamanipun mimpin dhiri pribadhi.
6.      Minangka srana kangge nglatih supados sedaya ingkang dipuntindakaken ing ngalam donya nggadhahi nilai ibadah. Wujudipun ngibadah boten namung sholat, ngaji, dzikir, lsp, nanging sedaya kegiatan kadosta makarya, tetulung, tilem, mesem, lsp ugi dados ibadah menawi katindakaken kanthi ikhlas lan  krana Alloh SWT.
7.      Ndadosaken ngatos-atos ing samubarang tumindak, utamanipun ingkang njalari dosa. Dados siyam boten namung nyegah dhahar kaliyan ngunjuk, namung ugi ngilari bab-bab ingkang saged mbatalaken lan ngrisak siyam kados ngrasani tiyang sanes ingkang awon-awon, ngapusi, mriksani bab ingkang nuwuhaken dosa, lan sapiturutipun.
8.      Ndadosaken kita  kiyat ngadhepi maneka warni pacoban lan alanganing gesang.
Upaminipun ngadhepi perkawis lajeng saged langkung sabar lan ikhlas, boten gampil duka, boten nggadhahi panduga awon (berprasangka buruk), lan sanes-sanesipun.
9.      Nglatih gesang kanthi sehat lan prasaja.
Kanthi nindakaken siyam, ateges ngendheg aktifitas organ tubuh kangge ngolah tetedhan ingkang lumebet wonten padharan. Bab punika migunani tumrap peremajaan sel-sel enggal menawi sasampunipun buka ugi tansah njagi dhaharipun namung sacekapipun. Kados welingipun nabi Muhammad SAW, amrih kendel anggenipun dhahar saderengipun tuwuk. Dene gesang prasaja punika gesang ingkang samadya kemawon, boten mubra-mubru (boros).
10.  Nuwuhaken raos syukur bilih sampun kaparingan gesang kanthi sehat, dalah sedaya kanikmataning gesang ingkang boten saged kaetang mbaka satunggal.

Sinaosa siyam punika nggadhahi mupangat ingkang kathah, nanging sedaya wau gumantung pribadhinipun piyambak-piyambak. Namung Gusti ingkang Akarya Jagad ingkang priksa kualitas siyam kita. Panci ibadah siyam punika ibadah ingkang sipatipun pribadhi. Sok sintena ingkang saged nglampai kados dhawuhipun Alloh, insyaalloh manggihi paedah-paedah kala wau. Dene kosok wangsulipun, saged ndadosaken kawontenan ingkang sikap hidup konsumtivisme kados dipunngendikakaken sedherek Sawali Tuhu Setya wonten : http://networkedblogs.com/ Mangga saged dipunwaos piyambak ingkang lodhang lan kesdu ngangsu kawruh bab punika. Nuwun. Sugeng siyam!

Sabtu, 11 Agustus 2012

PANDHAWA NGENGER

Cariyos Pandhawa Ngenger punika nyariyosaken Pandhawa sasampunipun nglampahi ukuman dipunbucal wonten wana Kamiyaka lawasipun 12 taun. Pandhawa pikantuk ukuman malih dangunipun satunggal taun inggih ukuman ngenger kanthi memba-memba dados paraga sanes supados boten kadenanganan.
Anggenipun memba-memba kados tiyang dusun ingkang mlebet wonten kedhaton Wirata. Inggih wonten kedhaton punika Prabu Matswapati jumeneng nata. Pandhawa nggadhahi pangajab supados katampi dados abdinipun krajan Wirata. Pandhawa lajeng lumebet wonten ing kedhaton nanging boten sesarengan. Anggenipun lumebet satunggal mbaka satunggal. Puntadewa memba-memba dados brahmana kanthi asma Tanda Dwijakangka utawi Kangka. Kangka dipunutus dados  penasehat Prabu Matswapati. Bima dados Bilawa dipuntugasi dados Jagal lan Juru masak kraton. Arjuna dados Kandi Wrehatnala kajibah dados guru beksan wonten Keputren . Nakula dados Darmaganti nggadhahi tugas nyawisaken turangga – turangga ingkang badhe dipuntitihi dening para Pangeran Wirata. Dene Sadewa dados Tantripala pikantuk ayahan angen lembu. Dewi Drupati garwanipun Puntadewa memba-memba dados Nyai Salindri pikantuk ayahan dados juru rias kraton.
Sadangunipun nyamar kados mekaten, kathah prastawa ingkang dipunlampahi dening Pandhawa. Rawuhipun Salindri wonten istana ndadosaken Patih Kicakarupa tresna. Patih Kicakarupa nyuwun kaliyan Salindri supados nglanggati napsunipun. Salindri ngakeni menawi piyambake garwanipun salah satunggaling gandarwa. Kicakarupa boten pitados wangsulanipun Salindri lan kepingin mbuktekaken kasunyatanipun cariyos Salindri. Salindri nyukani wekdal  supados Patih Kicakarupa rawuh piyambak ing satengahing dalu wonten ing sapinggiripun lepen, temtu badhe pinanggih kaliyan garwanipun Salindri. Salindri lajeng manggihi Jagal Bilawa supados mbiyantu ngrampungaken masalahipun kaliyan Patih Kacakarupa. Bilawa boten kawratan lan siyaga mbiyantu. Wakdal lingsir dalu  Patih tindak dhateng  pinggir lepen. Leres saestu Patih Kicakarupa kepanggih kalihan gandarwa ingkang inggil ageng. Gandarwa nyuwun supados Kicakarupa njugaraken krenteg awonipun, supados boten nggodha Salindri garwanipun. Nanging Kicakarupa boten purun. Ngendikanipun, langkung sae seda tinimbang nilaraken Salindri. Lajeng kedadosan perang antawisipun Kicakarupa kaliyan Bilawa ingkang ngakeni minangka gandarwa. Patih Kicakarupa kadhesek mundhur, lajeng mlajar sasampunipun dipunjotos mawangsul-wangsul kaliyan gandarwa.
Sapunika Wirata nemahi rerusuh. Kicakarupa, Rupakenca lan Rajamala ingkang taksih adik Prabu Matswapati, nyuwun supados Prabu Matswapati lengser keprabon. Amargi  Krajan Wirata sampun boten mbetahaken Prabu Matswapati. Kraton Wirata nyuwun gantosan raja ingkang cocog. Ingkang dipunanggep cocog inggih Kicakarupa. Prabu Matswapati boten purun nuruti kekajengan punika. Kicakarupa lajeng nyuwun dipunwontenaken adu jago kangge milih Raja Wirata. Kicakarupa milih adhikipun inggih Rajamala ingkang dados jagonipun. Wekdalipun kantun seminggu nanging Prabu Matswapati dereng pikantuk jagonipun. Lajeng nyuwun pamanggih dhateng Kangka. Sanjangipun Kangka ingkang cocog inggih Jagal Bilawa, ingkang lajeng dipunsetujoni.
Ing dinten ingkang sampun katemtokaken, Rajamala kaliyan Bilawa sampun siap dipunadu. Rajamala ewet dipunkalahaken. Nanging nalika lena, Bilawa saged nyengkerem lan nyuwek jaja lan padharan Rajamala ngantos tiwas. Kicakarupa kaliyan Rupakica lajeng nggotong Rajamala dhateng Sendhang Panguripan ing wingking Kedhaton. Sasampunipun dipunlebetaken wonten tonya, lajeng gesang malih. Rajamala majeng perang malih lajeng tiwas malih. Kajeguraken toya malih, gesang malih. Mekaten ngantos wongsal-wangsul. Bilawa ngantos kuwalahen telas tenaganipun. Mila, Kandhi Wrehatnala lajeng nyaketi Salindri maringi pusaka Brahmastra supados dipunlebetaken wonten Sendhang Panguripan. Salindri lajeng ethok-ethok mendhet toya pancuran, kalih nglebetaken pusaka. Sanalika toya dados panas sanget, mila ngepasi Rajamala kalah malih lan dipunlebetaken wonten toya Panguripan. Boten gesang malih. Malah badanipun lebur tanpa sisa. Mangertos kedadosan punika adikipun inggih Kicakarupa lan Rupakica  majeng sesarengan nglawan Bilawa. Kalih-kalihipun ugi pejah. Mireng bab punika, Prabu Susarma saking negeri Trigarta kaget. Prabu Susarma lajeng manggihi Prabu Suyudana saking negari Astinapura. Kekalihipun lajeng nyawiji badhe numpes Wirata. Kesatria Wirata, Seta, Utara lan Raden Wratsangka cecawis badhe nglawan mengsah. Dumugi watesipun Negeri Wirata Pasukan Trigata lan Astina dipunpapag Pasukan Wirata. Prang ageng boten saged dipunindhani malih. Perang sakawit imbang, nanging dangu-dangu pasukan Wirata kewalahan. Pasukan Wirata mundur saking madyaning laga. Utara lajeng mlebet wonten Keputren. Utara kepingin majeng perang malih ngangge kreta perang. Nanging boten wonten ingkang saged nitihi kreta wau. Kandhi Wrehatnala siyaga dados sais, nanging Utara boten purun menawi dipunsaisi dening tiyang banci. Kandhi Wrehatnala lajeng dipungeret minggah wonten kreta perang majeng perang malih. Utara lajeng mlesataken panah dhateng musuh-musuhipun. Dumadakan Kandhi Wrehatnala nglampahaken kretanipun ngantos dumugi ing satunggaling Goa. Ing mriku piyambakipun madosi senjatanipun ingkang dipungantung wonten plangitan goa ingkang dipunwungkus mawi kain pethak kados pocong. Kandhi Wrehatnala lajeng lenggah wonten wingking, dene Utara dados kusiripun. Kanthi kesaktian kados Arjuna, Kandhi Wrehatnala saged ngasoraken sedaya mengsahipun. Adipati Karna kaliyan Pandhita Durna priksa menawi Kandhi Wrehatnala punika boten sanes inggih Arjuna.
Ing Kraton Wirata, Prabu Matswapati saweg pangandikan kaliyan Tanda Dwijakangka penasehatipun. Panjenenganipun mesthekaken menawi Wirata menang dening Utara. Nanging Tanda Dwijakangka sanjang menawi ingkang ngasoraken sanes Utara nanging Kandhi Wrehatnaka. Prabu Matswapati duka mireng kabar menika, lajeng tutup dhadhu ingkang wonten caketipun diputhuthukaken wonten pasuryanipun Tanda Dwijakangka ngantos ngedalalen rah kathah. Let sekedhap Utara lumebet wonten kedhaton, dipunpapag kados pahlawan perang. Utara boten purun awit ingkang ngalahaken Kandhi Wrehatnala yang sebenarnya Arjuna. Sedang yang duduk disebelahnya adalah Punta Dewa. Prabu Matswapati kaget  lan getun sampun nuthuk ngantos ngedalaken rah.
Utara lajeng ngudang sedaya Pandhawa, inggih Prabu Punta Dewa, Werkudara, Arjuna, Nakula lan Sadewa supados ngarsa dhateng Eyang Prabu Matswapati. Prabu Matswapati ngendika menawi Pandhawa wonten Wirata punika boten masalah, malah matur nuwun sampun dipunslametaken saking peperangan ageng. Pandhawa nyuwun pangapunten sampun memba-memba wonten Wirata. Salajengipun, Prabu Kresna kaliyan Patih Setyaki rawuh wonten Wirata, saperlu rembagan bab hak-hakipun Pandhawa (Eko Hastuti)

Katrangan :
Cariyos punika jarwan mawi basa krama alus saking, http://wayangpandawangenger.blogspot.com/ ingkang dipun andharaken dening Sunny Day. Dene naskah aslinipun migunakaken basa Indonesia.