MATERI UKG BAHASA JAWA
Tembung inggih punika rerangkening wanda ingkang ngemu teges. Dene wanda (suku kata) inggih punika rerangkening aksara ingkang dumadi saking aksara urip (vokal) lan aksara mati (konsonan). Tembung samangke saged kangge ndhapuk ukara.
Miturut golonganipun tembung kaperang wonten 10 inggih punika :
1. Tembung aran (Kata Benda)
Tuladha : klambi, buku, omah, tas, sepatu, sepedha, lly
2. Tembung Kriya (Kata Kerja)
Tuladha : mangan, macul, nulis, nuthuk, nggawa, nggoreng, nyangking, nyawang, lly
3. Tembung sesulih (Kata Ganti Orang)
Contho : aku, kowe, dheweke, ibu, bapak, panjenengan, lly
4. Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Conto : siji, telu sangan satus, satus loro, rongatus, sethithik, separo, saunting, akeh, lly
5. Tembung Sipat/Kahanan (Kata Sifat)
Conto : larang, murah, tipis, kandel, gedhe, cilik, pinter, bodho, kesed, sregep, lly
6. Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
Conto : kene, kono, kana, mau, tengah, ngisor, wetan, elor, kulon, lly
7. Tembung Panguwuh (Kata Seru)
Conto : adhuh, wah, lho, elha, eh, uh, ah, we lha, lly
8. Tembug Sandhangan (Kata Sandhang)
Conto : Si, Sang, Hyang, Raden Rara, Kyai, lly
9. Tembung Panggandheng (Kata Sambung)
Conto : lan, karo, sarta, dene, ewadene, ewasemono, nanging, wusana, sarta, lly
10. Tembung Pangarep (Kata Depan)
Tuladha : ing, ana, saka, menyang, sing, lly
Miturut pamilahe, tembung kabedakake ana loro yaiku
1. Tembung lingga : tembung kang durung owah saka asale. Tegese tembung kang durung kaseselan ater-ater, seselan, panambang, uga durung karangkep
Tuladha : tuku, tangi, turu, adus, pangan, panen, tulis, gawa, cangking, laku, lly
2. Tembung andhahan : tembung kang wus owah saka asale karana kawuwuhan ater-ater, seselan, panabang utawa wus dirangkep.
Tuladha : nuku, nukokake, nangekake, ngedusi, aduse, panganan, dipangan, kokpangan, nglakoni, kokcangking, daktulis, dakcangking,lly
Pangrimbage Tembung : ngowahi tembung lingga dadi tembung andhahan karana entuk ater-ater, seselan, panambang utawa ater-ater lan panambang. Bisa uga karana dirangkep utawa didadekake tembung camboran (kata majemuk). Tegese dicambor yaiku tembung kang dicampur/digandheng karo tembung liya banjur nduweni teges nyawiji utawa teges liyane.
1. Karana entuk ater-ater anuswara (an, am, ang, any)
Tuladha :
- an + tuis = nulis
- an + tandur = nandur
- am + pacul = macul
- am + pundhut = mundhut
- ang + cangking = nyangking
- ang + gawa = nggawa
- any + cuwil = nyuwil
- any + cokot = nyokot
Karana entuk ater-ater tripurusa (dak/tak, ko/kok, di)
Tuladha :
- dak + tuku = daktuku
- dak + gawa = dakgawa
- kok + tulis = koktulis
- ka + tabrak = katabrak
- di + silih = disilih
- di + gambar = digambar
Karana entuk ater-ater liyane, kayata a, ka, as, pa, pi, pra, kuma, kami, kapi, lly
Tuladha :
- sa + wengi = sawengi
- pa + mudha = pamudha/pemudha
- pi + wulang = piwulang
- pari + wara = pariwara
2. Karana entuk seselan (in, um, r, l)
Tuladha :
- gawe + in = ginawe
- tulis + in = tinulis
- teka + um = tumeka
- sebar + um = sumebar
- siwer + l = seliwer/sliwer
- centhel + r = crenthel
- kelip + r = krelip
3. Karana entuk panambang (ku, mu, e, an, I, a, ana, en, ake, ne, lly
Tuladha :
- buku + ku = bukuku
- tas + e = tase
- omah + mu = omahmu
- pangan + an = pananan
- tali + i = taleni
- suwek + i = suweki
- jupuk + a = jupuka
- tangi + a = tangia
- tuku + na = tukonana
- ombe + ake = ombekake
- gawe + ake = gawekake
4. Karana dirangkep maksude katulis kaping pindho utawa diucapake kaping pidho, kanthi ajeg utawa owah.
Tuladha :
a. Dwi lingga padha sara : bocah – bocah, meja-meja, buku-buku, adus-adus, lly
b. Dwilingga salin swara : tonga-tangi, bola-bali, rana-rene, tura-turu, lly
c. Dwilingga semu : alun-alun, bolang-baling, awang-awang, ondhe-ondhe
d. Dwi purwa : rerempon, sesuluh, leluhur, sesepuh, lly
e. Dwi wasana : mecucu, mecicil, nyuwewek, besisik, lly
5. Karana dicambor karo tembung liya, tuladha :
a. Camboran wutuh : cekak aos, ajur ajer, bapa biyung, jaga baya, yayah wibi’ lly
b. Camboran tugel : bangjo ( abang + ijo), dhegus (gedhe + bagus), dhelik (gedhe cilik), lly
NB : (menawi kajlentrehaken sedaya kanyata kathah sanget, pramila namung dipunpendhet sakedhik-sakedhik kagem tuladha. Mangga dipuntintingi mbokbilih wonten kalepatan, kersaa paring pitedah. Nuwun)
Senin, 6 Agustus 2012
Tidak ada komentar:
Posting Komentar