 |
Bp. Erman Pujiyanto ngandharaken bab Modul Pembelajaran |
WONOSOBO - Kangge
ningkataken kompetensi profesional guru
basa Jawi kabupaten Wonosobo babagan
kemampuan mengajar, MGMP Basa Jawi Kabupaten Wonosobo ngawontenaken Workshop
Pengembangan Karir PTK. Dikdas kanthi materi Pengembangan Modul Pembelajaran.
Workshop dipunleksanakaken wonten SMPN 2 Wonosobo dinten Kemis, tanggal 9
Agustus 2012. Pasarta inggih punika bapak ibu anggota MGMP dene nara sumberipun inggih bapak Erman
Pujiyanto minangka pengawas SMP/MTs Kabupaten Wonosobo. “ Modul inggih menika perangan
saking bahan ajar.
 |
Pasarta Workshop MGMP Kabupaten Wonosobo |
 |
Pasarta aktif migatosaken andharan |
Modul awujud saprangkat materi ingkang dipunsusun kanthi
sistematis kangge para siswa kanthi mandhiri. Isinipun modul inggih punika
materi, metode, ancas/tujuan, pitedah kangge nggarap soal /latihan” ngendikanipun
Erman Pujiyanto kanthi tingkas. Erman Pujiyanto ugi nambahi, “Dene menawi bahan
ajar inggih punika samukawis bahan ingkang dipunginakaken kalihan guru
salebetipun pembelajaran wonten kelas. Wujudipun bahan ajar saged tertulis
utawi boten tertulis”. Jinisipun wonten 5 inggih punika, wujud cetakan (LKS,
handout, buku, modul, brosur, leaflet, lsp), wujud audio visual (film/video,
VCD), wujud audio (kaset, radio, CD Video), visual (foto, gambar, model/maket),
lan multi media (CD interaktif, computer based learning, internet). Kanthi
workshop punika dipunangkah para guru kersaa sami nganggit bahan ajar ingkang
trep kaliyan kondisi peserta didik. Sampun ngantos guru-guru basa Jawi kalebet
wonten 5 kasus kelemahan guru nalika ngajar ing
kelas. Miturut hasil temuan wonten lapangan, dipunrumusaken wonten 5
kelemahan guru wonten Wonosobo. Sepisan, guru boten ngagem RPP nalika mucal.
Kalih, guru boten nyawisaken alat bantu ajar. Tiga, guru kirang nggatosaken
kemampuan awal peserta didik. Sekawan, anggenipun ngginakaken papan tulis (bor)
kirang trep.
 |
Pak Sri Mulyanto (Wakil Ketua MGMP) paring pengumuman |
Gangsal, wonten guru ingkang boten ngawontenaken evaluasi
pembelajaran. Pamanggih punika
dipunngendikakaken Erman Pujiyanto, namung prosentasinipun dereng mangertos
awit dereng dipunwontenaken panaliten. Workshop Penyusunan bahan ajar punika
saged narik kawigaten pasarta katingal saking kathahipun pitakenan saking
pasarta. Ing pungkasanipun workshop, Erman Pujiyanto mrayogekaken dhateng para
guru supados sami kersa ndamel bahan ajar ingkang awujud buku. Pangangkah samangke
saged pikantuk angka kredit pengembangan profesi lan saged kangge kenaikan
pangkat guru. (Eko Hastuti)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar