Selasa, 07 April 2015

KINJENG

swiwimu kang merak ati
kumlepek nganglang, gegojekan ing awang-awang
abang, ijo, ireng, kuning tela, lan biru maya
swiwimu pancen ngegla wela-wela, endah njiret mata
kang kedhep tesmak, nyemak
eburmu saparan-paran ngajak lelumban
mider donya kang gumelar bawera
sinambi tetembangan kidung asmara
ya gene bocah-bocah mbiyen
ngoyak playumu kang kemayu
pingin ngencup larmu kang edi peni
ngawe-awe ngece ing pucuking kembang sore
ya gene saiki kowe langka
saba ing plataran omah lan taman kutha
apa wis gila, apa wis sayah
kamangka lemut-lemut kang srakah
isih rebutan getih abang
ing waliking kulit daging
kang kemradhang
rebut drajat pangkat, bandha donya
kang bakal tininggal samangsa seda
direwangi adu digdaya rebutan panguwasa
oh kinjeng kang wicaksana
kowe ora bakal gelem mara
karana pancen dudu hakmu
ngrebut pakane lemut kang perwira
kang wis ra gelem gumregut
ngisep getih-getih reged kang kebak dosa
Manggisan Asri, Wonosobo, 3 Maret 2015

Tidak ada komentar: