STANDAR
KOMPETENSI :
MENULIS
Mampu
mengungkapkan pikiran, gagasan, pendapat, dan perasaan dalam berbagai jenis
karangan menggunakan ragam bahasa Jawa sesuai unggah-ungguh dan menulis
paragraph sederhana berhuruf Jawa.
KOMPETENSI DASAR :
8.1. Menulis karangan
MATERI :
Miturut jinine
karangan wujud gancaran iku ana warna 5, yaiku narasi, deskripsi, argumentasi,
eksposisi, lan persuasi. Dene karangan gancaran mono karangan kang
arupa rerangkene ukara-ukara kang kaiket ing sajroning paragraf.
Saben paragraf sethithike dumadi saka sa- ide/ sa-gagasan lan sawetara ide/gagasan penjelas. Ide/gagasan mau diandharake ing ukara lajer (kalimat utama) dene ide penjelas kandharake ing sajrone ukara-ukara penjelas. Paragraf kang becik dumadi sethithike 4-5 ukara. Ora kena saparagraf mung dumadi saka saukara, amarga ukara mau dadi kedawan. Ukara kang kedawan, nyebabake angel olehe mangerteni maksude. Menawa diwaca, ukara kang kedawan (ora efektif) marahe kentekan napas, dadi gampang kesel.
Saben paragraf sethithike dumadi saka sa- ide/ sa-gagasan lan sawetara ide/gagasan penjelas. Ide/gagasan mau diandharake ing ukara lajer (kalimat utama) dene ide penjelas kandharake ing sajrone ukara-ukara penjelas. Paragraf kang becik dumadi sethithike 4-5 ukara. Ora kena saparagraf mung dumadi saka saukara, amarga ukara mau dadi kedawan. Ukara kang kedawan, nyebabake angel olehe mangerteni maksude. Menawa diwaca, ukara kang kedawan (ora efektif) marahe kentekan napas, dadi gampang kesel.
- Gancaran (prosa) narasi.
Yaiku
karangan gancaran kang isine nyritakake samubarang kanthi runtut manut urutan
wektu. Tuladha karangan jinis iki kayata : cerkak, cerbung, novel, dongeng, utawa
crita pengalaman pribadi (pengalaman olehe plesiran, pengalaman kang lucu,
aneh, nyenengake, medeni, ngisinake, nyusahake, lly). Crita bab olehe melu
kegiatan PMR, Pramuka upamane ngepasi Persami, melu lomba, lsp uga bisa diarani
gancaran narasi menawa olehe crita urut manut urutane kegiatan mau.
Tuladha
jinis prosa narasi :
a. Wujud
cerkak
SEPISAN LAN PUNGKASAN
Wektu kuwi aku lagi muggah kelas 5. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang, nyaris gundul. Pokoke mesakake banget perawakane.
Ing dina sepisan muggah kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo ngenalkake awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas.. saiki gilirane cah anyaran lanang mau ngenalkake awake. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng. Nanging yo dasare bocah tetep ora bisa meneng, bocah-bocah ngempet ngguyu nganti rupane abang. Maksude kareben ora diseneni Bu Guru.
Mlakune cah anyaran mau nagnti keseret-seret. Wektu dheweke ngadek sikile gemeter. Ing ngarep kelas, banjur dheweke ngenalke awake.
" Je . . jeneng . . jenengku . . Ad . . Adri " jarene gagap. " A . . aku . . sa . . saka . . ess . . SLB Harapan 1 ."
Kanca-kanca sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone Adri ngomong tetep diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.
Adri mesti mangkat paling gasik ning sekolah. Sesuk esuk, pas Adri lagi mlaku karo nggawa buku saktumpuk, sikile disandung karo kancaku sing gaweane ngenyek Adri. Dheweke tiba, bukune morak-marik ning jubin. Atiku trataban weruh kedadean kuwi. Ora ana sij-sijia kancaku sing arep nulungi Adri. Malah padha nggeguyu, ana sing mung ndeloki kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadek, aku arep nulungi Adri karo mberesi buku-bukune Adri sing morak-marik mau. Adri banjur ngucapkake maturnuwun karo aku, tangane isih ngebut-ngebutke klambine sing reged.
Ing sekolah, Adri ora nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang malah pada ngenyeki awake Adri. Ana sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing ngenyek karo niru-niru solah bawane Adri. Nalika kanca-kanca sing wedhok ora gelem cedhak-cedhak karo Adri. Amarga perawakane Adri sing cacat mau. Wiwit prastawa pas aku nulungi Adri, dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Adri wis nganggep aku dadi kancane. Aku yo narima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-bedakake kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak banget karo Adri, mung kanca biyasa. Soale aku nduwe kanca kenthel dhewe. Aku ora ngerti nek Adri nganggep aku dudu kanca biyasa. Nganti ing sawijining dina, pas aku lan kanca-kanca kenthelku lagi padha ngumpul, Adri teka banjur srawung marang aku lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan, yo ditutke karo Adri. Pokoke ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke. Wis ngrasa rak kepenak, aku ngusir Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedhaki aku, aku sing lagi sensitif dadi mbentak Adri. Karo kaget, Adri mlayu mboh ning endi.
Udakara patang wulan sakbanjure kuwi, Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani Adri.
Bali sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe adri kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri marang Bu Guru.
Aku lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat omahe Adri. Nganti tekan ing perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung. Banjur dhewe tekan ing ngarep omah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Aku ndodog lawang omahe sing gedhe dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero, ibuke Adri mbukake lawang. Ibune nduwe paras sing ayu, nanging mripatne kethok bengkak kaya bar nangis. Ibune Adri manggakake dhewe mlebu. Aku sakanca-kanca isih mlengo ndhelok omahe Adri sing megahe kaya gedung.
Ibune Adri wis ngerti tekane dhewe arep nakoni Adri. Karo ngomong mripate mbrambang. Ibune crita nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit sing serius. Wis pirang-pirang kali Adri nglakoni terapi, karo ngombe obat-obatan saka dokter utawa obat-obatan tradisional kayata jamu. Ibune Adri nalika crita mandheg sedela, mripate nerawang ing langit-langit omah.
" Wiwit cilik, Adri ora nduwe kanca. Biyasane wong-wong padha ora gelem cedhak-cedhak Adri amarga perawakane sing cacat. Sanajan mengkno, Adri ora tau isin utawa ngeluh karo keadaane. Dheweke pengen banget mlebu sekolah umum kanggo nggolek kanca. Sadurunge Adri sekolah ning SLB. Adri wis ditinggal Bapake wiwit umur 6 taun, gara-gara bapak nduwe penyakit sing padha karo Adri. " critane Ibune Adri, Bu Neli.
"Lha Bu, saiki Adri ting pundi? " pitakonku nyela critane Bu Neli. Aku wis ora sabar, atiku wis dagdigdug ora karuan. Pikiranku wis ning endi-endi.
Bu Neli malah nunduk, " Adri wis nyusul Bapake." wangsulane Bu Neli. Kanthi rasa ora percaya, aku lan kanca-kanca liyane nangis ing kono. Aku wis ora bisa ngmong apa-apa. Dadi Adri wis meninggal ? Ngopo cepet banget ? Aku durung sempet njaluk ngapura marang Adri.
Teka-teka Bu Neli takon, "Iki ndak Dek Olin?" Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli maringi lipetan kertas saka kantonge. Aku ndredeg.
" Sadurunge lunga, Adr pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Olin. Adri pengen ngucapake maturnuwun amarga Dek Olin gelem dadi kancane Adri. Dek Olin pancen kanca sepisan lan pungkasane Adri."
Aku mbuka lipetan kertas mau. Atiku trenyuh, aku nangis sesenggrukan maneh ing kono. Nyatane Adri isih nganggep aku kancane, malah sahabate.
" Dri, aku njaluk ngapura yo .. ."
b. Wujude
Crita Pengalaman
Plesir Menyang
Boyolali
Nalika preinan taun kepungkur,
aku dijak keluargaku menyang Boyolali. Sadurunge plesiran, aku lan keluargaku
nyiapake barang-barang lan klambi sing dibutuhake. Aku lan keluargaku mangkat
menyang Boyolali jam 07.00 WIB nganggo mobil pribadhi lan tekan ing Boyolali
jam 09.30 WIB . Kira Kira jam 14.00 WIB aku lan keluargaku menyang Embah
Putriku. Ing kana akeh banget Wit Klapa. Salah sijine Klapa Ijo. Klapa iku bisa diolah dadi Ombenan Lan Obat. Nalika
jam 22.00 WIB aku lan keluarga arep mulih menyang Wonosobo. Sadurunge mulih, aku
lan keluargaku Nyekar Mbahku. Sanajan kesel, nanging Preinan iki
nyenengke .
Dening : Akbar Daffa R/2/VIIC
- Gancaran (Prosa Deskripsi)
Yaiku karangan kang isine menehi
gambaran kahanan samubarang apa bae. Olehe nggambarake nganti satliti-tlitine
supaya kang padha maca kaya-kaya meruhi dhewe, ngrungokake dhewe lan ngrasakake
dhewe kaya apa kang dialami pengarang
mau. Dadi apa kang katon, apa kang dirungu, lan apa wae kang dirasakake
pengarang dicitakake kanthi cetha.
Tuladha jinis karangan iki kayata :
a.
Nggambarake
sawijine barang.
CARICA
Carica yaiku kaya wit gandul gunung sing akeh tukul ing dataran tinggi Dieng.
ndisik tanduran iku uga umum ditemokake ing daerah Batu, malang, jawa timur, nanging saiki kayane wis arang-arang katon. woh iki pancen mung bisa tukul ing dataran nduwur kang suhune anyes wit carica klebu family Caricaceae genus Vasconcellea. karo jeneng latin Vasconcellea cundinamarcensis. bentuk woh-ne kaya woh coklat neng wernane kaya gandul. ukurane luwih cilik,mung kira-kira sak kepelan tangan. woh-he wangi lan werna kuning pucet lan nek dipangan rasane asem. nek tlutuhe ngenangi kulit rasane gatel. carica langka dipangan langsung lan luwih kendel digawe manisan. saka jenenge wae nuduhake nek woh iki pancen kendel salah kaprahdianggep kaya gandul cilik. asal ngerti wae jeneng latine gandul yaiku Vasconcellea cundinamarcensis. manisan carica iku panganan khas daerah dataran tinggi Dieng lan Wonosobo. biasane didol ing botol ukuran 230 lan 350 gram. sakwise dadi manisan rasane legi lan teksture kaya pelem. sing istimewa kuwi saos utawa banyu ing manisan kuwi digawe saka wiji carica.
Carica yaiku kaya wit gandul gunung sing akeh tukul ing dataran tinggi Dieng.
ndisik tanduran iku uga umum ditemokake ing daerah Batu, malang, jawa timur, nanging saiki kayane wis arang-arang katon. woh iki pancen mung bisa tukul ing dataran nduwur kang suhune anyes wit carica klebu family Caricaceae genus Vasconcellea. karo jeneng latin Vasconcellea cundinamarcensis. bentuk woh-ne kaya woh coklat neng wernane kaya gandul. ukurane luwih cilik,mung kira-kira sak kepelan tangan. woh-he wangi lan werna kuning pucet lan nek dipangan rasane asem. nek tlutuhe ngenangi kulit rasane gatel. carica langka dipangan langsung lan luwih kendel digawe manisan. saka jenenge wae nuduhake nek woh iki pancen kendel salah kaprahdianggep kaya gandul cilik. asal ngerti wae jeneng latine gandul yaiku Vasconcellea cundinamarcensis. manisan carica iku panganan khas daerah dataran tinggi Dieng lan Wonosobo. biasane didol ing botol ukuran 230 lan 350 gram. sakwise dadi manisan rasane legi lan teksture kaya pelem. sing istimewa kuwi saos utawa banyu ing manisan kuwi digawe saka wiji carica.
Dening : Mukhammad Aryf/7F/21
b.
Nggambarake
sawijining papan/panggonan
PAPAN WISATA PULO BAWEAN
Pulo Bawean minangka salah sijine
papan wisata ing kutha Gresik,Jawa Timur. Pulo iki pancen endah lan
nyengsemake. Pulo Bawean mapane ana sisih lore kutha Gresik kira-kira adohe 110
km nyabrang segara. Yen arep menyang Pulo Bawean,kudu nganggo sarana numpak kapal
tongkang utawa kapal barang sing suwene 8 nganti 10 jam. Saka Gresik menyang
Pulo Bawean bisa nganggo Jet Foil lan uga bisa nganggo kapal gedhe sing
seminggu mung kaping pindho. Manawa numpak Jet Foil,utawa kapal gedhe wektu
kanggo layar saka Gresik tumuju Pulo Bawean mung butuh wektu 2-4 jam.
Bawean nduweni
papan wisata kang apik-apik. Pantai Mayangkara ing Desa Kepuh,Banyu Panas
Taubat ing Sangkapura,Grojogan Lancar lan Patar Slamet,uga Tlaga utawa Danau
Kastoba sing kondhang kaendahan lan pesona alame. Pulo Bawean pancen aset
wisata sing kudu di jaga,dikembangake,lan dilestarikake. Mula saka
iku,Pemerintah Kabupaten Gresik ngrancang,manawa Pulo Bawean arep didadekake
Wisata Bali Loro.
Dening : Refita
Novianti Sabaniar/VIIA/ 24
- Gancaran (Prosa) Argumentasi
Yaiku karangan
kang isine ngandharake sawijining pendapat/gagasan/ide ngenani bab apa bae
dikantheni alasan/bukti sing kuat, supaya sing padha maca percaya marang
panemune penulis mau. Alesan/bukti-bukti mau kanggo mbuktekake menawa apa kang
katulis ing karangan mau bener lan bisa dipercaya.
Tuladha jinis
iki, kayata :
Cara Gampang Njaga Kesehatan
Padate aktivitas saben dina nggawe awake dhewe lali marang
olah raga lan kesehatan.Padahal, olah raga lan kesehatan kuwi dibutuhna dening
kabeh wong.
Untu rapi lan pipi simetris iku dadi salah sawijine tambahan
penampilan.Kanggo gawe untu rapi lan pipi simetris, ana hal-hal kang kudu
digatekake. kayata :
Ngombe susu sapi 3-8 gelas saben dinene bisa nguatake lan
ngapikke untu. Saliyane susu sapi, keju lan yogurt uga bisa ngrawat untu kanggo
jangka wektu suwe.Ngunyah permen karet uga bisa kasebut senam wajah kang bisa
nggawe rahang luwih ngarakter.Apike ngunyah permen karet sedina kaping telu. Saliyane iku, nglakoni olah raga saben dina iku uga penting,
nglakoni olah raga sing entheng, kayata senam (pemanasan nganti pendinginan kurang
luwih 10 menit), push-up(5 menit), sit-up (5 menit ).Lan sing paling penting,
aja pisan-pisan ngrokok ya. Sehat kuwi gampang kan?
NAMA : DIKA ULFATUS SA'ADAH/7F/07
- Gancaran Eksposisi
Yaiku karangan isine menehi
katrangan salah sijine topik utawa masalah kanggo menehi informasi utaa kabar
marang wong kang padha maca. Supaya luwih cetha biasane dikantheni dta, grafik,
table, diagram, lsp.
Tuladha jinise karangan iki, kayata
:
1. Eksposisi sawijining papan/panggonan
Candi tinggalan kerajaan
mataram budha
Tahun 750 Masehi Wangsa, Syailendra mimpin Mataram. Raja-raja saka wangsa/
dinasti Syailendra sing mimpin kerajaan Mataram yaiku:
a) Bhanu ( 752 - 775 masehi )
b) Wisynu ( 775 - 782 masehi )
c) Indra ( 782 - 812 masehi )
d) Samaratungga ( 812 - 833 masehi )
e) Balaputeradewa ( 833 - 856 masehi )
Raja-raja Wangsa Syailendra yaiku meluk agama
budha. Supaya muliakke Sang
Budha, kabehe ndirikna:
a) Candi Kalasan ing Yogyakarta
b) Candi Sewu ing Yogyakarta
c) Candi Pa won ing Yogyakarta
d) Candi Mendut ing Muntilan
e) Candi Borobudur ing Magelang
Candi Mendut yaiku
candhi budha sing didirikna karo Raja Indra tahun 824. Sing panggonane sebelah
wetan Borobudur ( Magelang ) Jawa Tengah. Ing njero candi Mendut ana telu
patung budha yaiku Cakyamurti,
Avalokiteswara, lan Maitrya.
Kanthi dasar Prasasti
Kalasan tahun 778, dingerteni dene Candi Kalasan didirikna tahun 778 karo
Keluarga Syailendra, sing dadi bangunan suci Dewi Tara. Diduga yen Dewi Tara
yaiku istri ska budha. Ing njero Candi Kalasan ana arca Dewi Tara sing di gawe
perunggu.
Candi Borobudur yaiku
peninggalan Kerajaan Mataram Budha sing paling penting. Candi sing didirikna
tahun 825 M karo Raja Samaratungga iki salah sijine keajaiban ing dunia.
Relief saka Candi
Borobudur nglambangke keuripan manungsa. Sepuluh tingakatan bangunan Borobudur
nglambangke keuripan manungsa. Sepuluh tingkatan kasebut dikelompokke dadi
telu, yaiku tingkat Kamadhatu, tingkat Rupadhatu, lan tingkat Arupadhatu.
Saka sepuluh tingkatan
sing ana ing Borobudur, enem tingkat bentuke persgi, telu tingkat bentuke
bundar melingkar, lan siji tingkat paling nduwur bentuke stupa induk. Stupa
induk iki dibuka pertama saka tahu 1814 karo Residen Kedu Hartman.
Ing tiap tingkatan
Borobudur ana stupa-stupa cilik, kejaba stupa gedhe ( stupa induk ) saka
tingkat paling nduwur. Stupa induk iki duwe diameter 9,90 meter lan dhuwure 7
meter. Kabehe, Candi Borobudur duwe sekitar540 arca budha. Nanging, saiki wis
ora komplit maneh.
Supaya nglestariake, Candi
Borobudur wis dipugar ngasi ping 2 yaiku:
a) Tahun 1907 – 1911 dipimpin karo Th. Vvan Erup sing bangsane
Belanda.
b) Tahun 1973 – 1983 karo
Pemerintahan Indonesia saka bantuan UNESCO.
Dening : Aken Larasati/ 7B/04
1.
Eksposisi
bab sawijining barang.
Jeneng Phalaenopsis asale saka basa Yunani, yaiku phalaenos lan opsis.
Phalaenos duwe arti kupu-kupu, lan opsis artine bentuk. Nalika taun 1825, ana
wong ahli botani saka Belanda, njenengi genus anggrek iki Phalaenopsis. Anggrek
iku dijenengi Phalaenopsis amarga nalika ditemukake ing jero alas dikira
kupu-kupu menclok ing pang wit.
Ana kira-kira 60 jenis anggrek Phalaenopsis, lan separone ana ing
Indonesia. Tanduran iki kasebar saka Sri Lanka, lan India tekan Papua lan
Australia sebelah lor, uga tekan China sebelah kidul. Filipina lan Borneo duwe
keaneragaman Phalaenopsis sing paling dhuwur. Filipina duwe 15 jenis Phalaenopsis,
lan 13 jenis Phalaenopsis bias ditemukake ing Borneo. Biasane, tanduran
iki urip ing habitat kang lembab lan teles, kaya ing jero rain forest (hutan
hujan).
Biasane Phalaenopsis duwe sifat epifit. Genus anggrek iki duwe pola
pertumbuhan monopodial. Salah siji jenise dadi kembang kebanggaan Indonesia ,
yaiku Phalaenopsis amabilis utawa anggrek bulan. Tanduran iki duwe bagal
kang cendhek, godhonge jembar uga dawa. Nalika ngembang, kembange awet
ora gampang alum. Kembang Phalaenopsis biasane gedhe lan maneka warna.
Kembange bisa tahan 1-6 wulan lan bisa ngembang kaping pindho utawa telu saben
taun. Nanging ing habitat asline tanduran iki wis langka amarga diburu marang
manungsa lan akeh habitat asline sing rusak.
Nama
: Hani
Ristiawan/7G
- Gancaran (Prosa) Persuasi
Yaiku karangan kang
nduweni ancas menehi pangaribawa (pengaruh) marang kang padha maca supaya gelem
melu marang apa kang dikarepake pengarang. Menawa sing ditawakake barang ya
supaya padha tuku. Yen diandharake bab kegiatan ya supaya padha melu ing
kegiatan mau.
Tuladha jinine karangan
iki, kayata :
1.
Iklan barang
Mbutuhake
barang elektronik??? Tuku wae nang toko
" Dewi Elektronik"
Dewi elektronik
sedia :
-
Kulkas
- Mesin Cuci
-
Setlika
-
TV
-
ISP
-
HP
Ing kene ya
bisa ndandakake barang-barang elektronik. Dewi elektronik ana ing Jl. Imam
Bondjol no.98 Wonosobo.
DISKON LHO.......!!!!!!!
Warung
Sega Rames Padang Gembrang
Kenangapa diarani PADANG GEMRANG..............??????
Amarga ning emperan omah/papan sing
kanngo dodolan,
ora ana aling-alinge.Warung iki ana
ing pinggir dalan gedhe utawa
biasa kasebut strategis.Alamate warung iki ana ing Jln.Banyumas km 10 Selokromo/biasane kasebut
Blawong.
Ning warung iki ana menu utamane yaiku sega rames
lan gorengan.Nalika sega rames menu utamane
yaiku sayur
lombok karo mie.Lawuhe sega rames iku
werna-werna yaiku ana gedel,tempe bacem,tahu bacem,gembus
bacem,endok goreng,endok ceplok,tongkol lan kala-kala
ana iwake.Nalika gorengane yaiku tempe kemul,tahu
susur,bakwan,gedang goreng lan tela goreng.Unjukane yaiku werna-werna ana the ,kopi susu,kopi moca lan liya-liya.Sayur sing biasane di
tumbasi wong-wong yaiku ana oseng kacang/buncis,oblok kenci/godhng budin,bobor
godhong waluh/lobor ijo,bening bayem,terik tahu iwak,kering tempe lan isih ake meneh.
Amben esuk-esuk langganane wis padha gasik-gasikan. Langganane warung iki yaiku Mbak Erna,Bu Yuli lan isih
akeh maneh.Wis tau ana langganan bocah kuliahan sing kuliah ing purwokerto ,mesti maem lan sawise maem mesti mbungkus sega
rames kanggo nang ndalan/ning kos-kosan.Pada wae, wis tau ana montor avanza
mandeg,yaiku wong temanggung sawise liburan saka cimahi.Wong kuwi tumbas gorengan/ tempe kemul,pertamane 10 iji,kepindo 20 iji sidane 30 iji
lan ditambah teh panas 8.Wong kuwi kayane
kesayahen,mula leren nang warung iki.
Warung iki cilik,rasane enak,regane murah,wis ana
Parkirane.Warung iki uga langganane supir
angkot jurusan
Wonosobo-sawangan.Mula nalika pada liwat
nyoba mampir. Nanging warung iki buka saka jam 05.00 nganti 10.00/11.00
Sejatine sek tak critakake,warunge ibu ku
dhewe.
Mula aja lali mampir ya.....!!!!!!!!!!!
Dening :Amalia Nurul Izzah/VII F/5
Tidak ada komentar:
Posting Komentar