Kamis, 09 Agustus 2012

Gladhen Ndamel Artikel Kagem Guru Basa Jawi


Eko Hastuti ngandharaken bab Nyerat Artikel
Wonosobo,  9 Agustus 2012

Seminggu kepengker, dinten Kemis, 2 Agustus 2012 tabuh 09.00 ngantos 13.00 WIB wonten SMPN 2 Wonosobo dipunwontenaken gladhen nyerat artikel. Kegiatan punika mligi kangge guru-guru basa Jawi ing kabupaten Wonosobo. Sakawit minangka nara sumberipun saking LPMP Jawa Tengah, nanging amargi ngepasi boten saged rawuh lajeng kagantos kula piyambak. Temtunipun lajeng materinipun beten kaliyan rancangan sepisanan inggih ndamel artikel PTK.
Bapak Edy saking SMPN 1 Kertek paring tanggapan
Sinaosa makaten, kula ugi mbabar bab nyerat artikel PTK lan artikel umumipun ingkang kababar wonten kalawarti utawi ariwarti. Panci ingkang punwastani artikel punika jinisipun warni-warni gumantung ancasipun. Kados artikel kanthi ancas penugasan, informasi, persuasi, entertainment, eksistensi, kreatif, pemecahan masalah utawi kagem kenaikan pangkat guru. Ingkang pungkasan punika wujud ringkesan saking laporan PTK. Dados Laporan PTK ingkang kathah cacahipun punringkes dados kirang langkung 15 kaca. Perangan ingkang kedah punserat wonten artikel PTK antawisipun : abstrak, kajian teori, hipotesis, metode penelitian, hasil tindakan, simpulan dan saran, lan daftar pustaka. Salajengipun, artikel PTK punika kakintu wonten Jurnal Pendidikan. Menawi kaemot, samangke artikelipun saged kagem kenaikan pangkat, dene bijinipun pikantuk 2 poin. Syarat kagem kenaikan pangkat saking golongan IVa dhateng IVb kedah ngempalaken biji pengembangan profesi sekedhikipun 12 poin.

Saperangan pasarta ingkang pinarak ing sisih tengen ruangan
“Gladhen nyerat artikel punika saestu migunani tumrap kula sakanca. Kula lajeng mangertosi babagan nyerat artikel” tanggapanipun Bu Nanik salah satunggaling pasarta ing acara tanya jawab. Pamanggih punika inggih dipunsengkuyung dening Bapak Indro Ismanu minangka Ketua MGMP Basa Jawi Kabupaten Wonosobo. Dene Bapak Edy ingkang baut medhar sabda lan dados pranata acara nggadhahi pamanggih bilih, “ Basa punika sagedipun menawi dipunagem utawi dipunpraktekaken. Pramila kagem bapak utawi ibu guru ingkang rumaos taksih kewedan ngendika lan nyerat mawi basa Jawi nggih kedah gladhen ngendika kemawon utawi nyerat kemawon. Dangu-dangu temtu saged. Kula usul kangge nglanyahakem kaprigelan bab punika MGMP bekerja sama kalian Paguyuban Permadani Wonosobo. Upaminipun kala-kala ngepasi MGMP ngaturi rawuh pengurusipun”. Ing acara tanya jawab wonten pitakenan 7 saking pasarta, inggih saking Bu Nanik, Bu Duriatul Fatonah, Bu Ida Herawati, Bu Yantilah, Pak Edy, Pak Sri Mulyanto lan Pak Indro Ismanu. Pasarta salajengipun kaklompokaken kagem gladhen nyerat artikel ingkang dipunpandu dening Bu Eko Hastuti minangka nara sumber lan pengurus MGMP. Kasilipun kagem lampiran laporan kegiatan worshop “Menulis Artikel” ingkang punwragadi saking dana block grand taun 2012 (Eko Hastuti).

Tidak ada komentar: