Jumat, 17 Agustus 2012

APA TUMON

Dheg-Dhegan Saben Dikirim Diklat

Lelakon iki dakalami wis sawetara taun kepungkur. Papane ajeg mung beda ruang utawa kamar penginapan wae. Papan mau dumunung ana laladan Semarang. Iya papan kanggo pelatihan para kadang guru sa-Jawa Tengah. Lelakon sepisanan sing taktemoni taun 2000 yen ora kleru. Wektu semana aku melu diklat Guru Bahasa Jawa. Suwene diklat kaya-kaya 3 dina. Ngepasi malem dina katelu, ndadak ngalami kadadeyan kang nyalawadi. Rampung kegiatan mbengi, aku karo Mbak F sing sakamar mlebu kamar ing sisih kulon Mesjid. Nomer kamare aku lali.
Rasane kok beda karo wengi sadurune. Ana rasa tintrim lan anyes, kamangka mau sing dirasakake sumuk terus. Sawise cukup anggonku salin, sholat Isya, lan kaperluan liyane, aku wiwit mapan turu. Semono uga Mbak F sing beda agama uga katon umak-umik ndonga manut kapitayane dhewe. Kaya-kaya kemul lagi wae dipancal, kok dumadakan Mbak F nyuwara ah..uh…hah…karo sirahe ndhangak-ndhangak. Kaya wong katekeg gulune kae, ora bisa ambegan mung bekah- bekuh. Aku sing durung bisa turu, banjur nyedhaki arep nggugah. Nanging iba kagetku, Mbak F malah saya njola-njola kaya wong ngamuk. Sirahe mabit ngiwa nengen, ambegane ngungsrung. Mengeh-menggeh karo tetep ah..uh..ah..uh ditakoni ora bisa ngomong. Saking wediku banjur aku ngundang kanca-kanca liyane. Bapak-bapak sing isih padha jagongan ing njaba, age-age mlebu aweh pitulungan. Ana sing ndongani, ana sing njukuke banyu putih kon ngombe, la ana sing ngoyok-oyok awake ben tangi. Alhamdulillah, Mbak F banjur tangi. Bareng ditakoni jare diweruhi wewujudan gedhe dhuwur, ireng mencereng kang nggegirisi. Rasane kaya ngenteb awake nganti ora bisa obah.


Bar kedadeyan kuwi aku tambah ora bisa turu. Olehku ndonga ora leren-leren. Wedi yen kadadeyan mau nempuhi awakku. Merga ora turu-turu aku banjur maca buku sinambi ungkep-ungkep. Karepku mengko nek wis ngantuk lak keturon dhewe. Aku ora wani turu mlumah kaya Mbak F. Mbareng ngancik lingsir wengi, aku lagi bisa turu. Nanging lagi wae mak ler, aku krasa yen sikilku kiwa pas ngisor dhengkul ditegem seru banget. Aku nganti mbengok seru “ Adhuh….!”. “ Astagfirulllohhal,adzim, allohhuakbar”, mangono pambengokku. Taktoleh Mbak F wis turu nglempus, mbokan saking ngantuke.” Lha dalah, banjur sapa mau sing nekem sikilku?”. Awakku dadi mrinding, githokku nggedibel. Durung entuk jawaban sapa sing nekem mau, e…ganti sikilku tengen sing ditekem maneh. Sing kapindho iki malah saya seru. Aku mbengok, “ Wouw…adhuh. Lara banget. Mbok aja nggodha kaya ngono ta!”. Alhamdulillah bar kuwi, njur ora ngganggu maneh. Dina esuke bar penutupan aku tata-tata mulih.

Taun 2004 aku mangkat pelatihan maneh ing papan iku. Kebeneran aku makili Wonosobo melu seleksi guru berprestasi. Aku sakamar karo kanca guru saka Purworejo, kang asmane Bu T. Bu T iki klebu priyayi sing rada jirih mula yen napa-napa mesthi njaluk bareng aku. Luwih-luwih yen arep nang kamar mandi. Ngancik dina kapindho, aku ngalami kedadeyan kang nggegirisi. Aku ora crita karo Bu T mundhak saya keweden. Wektu semana wayah ngarepake magrib ngepasi bubar kegiatan seleksi. Mbokmenawa merga olehe stress nggarap soal, aku dadi krasa salit. Rasane gorokan kaya garing mekingking. Mula senajan bar ngombe entek rong gelas ana ruang makan, isih ngelak bareng tekan kamar. Aku banjur nyedhaki papan ngombe sig wisdicawisake ana saben Blok Kamar. Gelas plastik sing ditumpuk-tumpuk mengkurep takjupuk siji. Gelas mau banjur taktadhahake ning dispencer. Jebul banyu Aquane entek. Aku age-age menyang kamar arep njaluk banyu Aqua Bu T sing wingi ditawakake. Dadi Bu T iku sangu botol Aqua gedhe cacah loro. Samangsa aku butuh dikon njukuk wae.

Sawise nembung Bu T, aku ngesok botol aqua ana gelas plastik. Banjur takangkat arep takombe. Nanging….eba kagetku nalika weruh isine gelas mau. Ana wewujudan ireng pating krembyah, mengkap-mengkap ana mripate. Kaya mangga sing mripate mencerengi aku. Daksawang, wewujudan mau saya mengkap-mengkap munggah. Aku mbengok, “ Astagfirullohal’adzim, allohuakbar”. Krungu mangkono Bu T takon, “ Ada apa Bu?”. Takjawab, “Ngga apa-apa Bu, sebentar ya. Saya mau keluar sebentar”. Karo ndonga kethawelan, aku mlaku banter metu menyang plataran. Ing kono banyu mau taksok. Anehe, wewujudan sing ana gelas mau ora tiba. Ning gelas ya ora ana. Aku dadi kelingan lelakon patang taun kepungkur ngepasi sikilku ditekem-tekem. “Aja-aja sing mbiyen nggodha kae, kangen aku ya”, mangkono pangangen ku ing batin. Masalahe, saupamane wewujudan mau ora gage dakbuwak, sapa ngerti njebol dhewe dadi wewujudan gedhe dhuwur, ireng mencereng, kaya sing nggodha Mak F karo aku dhek mben. Wiwit kedadeyan kuwi, aku dadi dheg-dhegan yen dikirim sekolahan melu diklat nang Semarang.

Tidak ada komentar: