Minggu, 12 Agustus 2012

PAEDAHIPUN SIYAM ING WULAN RAMADHAN


Boten kraos dinen  Riyaya tahun punika (2012) kantun seminggu malih. Ateges anggenipun kula panjenegan sami ingkang nidakaken ngibadah siyam sampun tigang minggu lumampah. Ingkang dados penggalihan wonten mriki, “ Punapa siyam kita sampun kalampahan kados dhawuhipun Alloh SWT?”. Siyam ingkang boten namung nyegah dhahar lan ngunjuk wiwit fajar ngantos angslupipun baskara ing wanci ngajengaken magrib. Punapa siyam kita namung sadremi nglampahi kadosdene budaya ingkang sampun dipuntilaraken para leluhur saderengipun ngancik dinten Riyaya?. Punapa siyam kita sampun andadosaken jiwa kita ngalami ewah-ewahan dhumateng kasaenan, kashalehan, kaikhlasan, lan sapanunggalanipun? Mangga dipunpenggalih piyambak-piyambak. Seratan punika dhawah namung kagem pepiling mliginipun dhateng kula piyambak, sumrambahipun dhumateng panjenengan sami.

Dasaripun wajib siyam :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
He, wong-wong kang padha iman, diwajibkan kanggo kowe kabeh pasa kaya dene diwajibake wong-wong sadurungmu supaya kowe kabeh padha takwa (Al-Baqoroh 183).

Siyam ingkang dipunwajibaken dhateng sedaya umat muslim ingkang mukallaf (baliqh lan nggadhahi ngelmu), mampu nindakaken siyam, lan mukim (sanes musafir ingkang tebihipun kirang langkung 82 km) punika sajatosipun nggadhahi pinten-pinten paedah. Paedahipun inggih punika saged kangge nyegah hawa napsu, ngirangi syahwat, minangka srana kangge nukulaken raos eman lan remen tetulung dhateng fakir miskin, kaliyan saged nyegah  saking tumindak maksiyat.

Paedahipun siyam ing wulan ramadhan, antawisipun :
1.      Kangge nglatih sikap disiplin wekdal : kita dipunlatih disiplin kapan kedah dhahar lan ngunjuk, kapan kedah nahan hawa napsu, kapan wekdalipun  sholat wajib, buka, sholat tarawih, iktikaf, maos Al Qur'an kita tindakaken wekdalipun.
2.      Nggladhi gesang ingkang imbang antawisipun nyambut damel kaliyan ngibadah. Anggenipun nyambut damel tetep grengseng (semangat) nanging anggenipun ngibadah ugi dipuntingkataken.
3.      Nglatih supados kula panjenengan sami nengenaken raos pasedherekan lan silaturohmi. Upaminipun caos takjil/jaburan kangge buka sareng-sareng, tadarus sesarengan, sholat tarawih kanthi jama’ah, ningkataken sedekah wonten masjid lan sanesipun, mbayar zakat, lan sapanunggalanipun.
4.      Gladhen ngraosaken rekaosipun tiyang fakir miskin, ingkang tansah ngelih lan ngelak. Bab punika andadosaken gampil ngraosaken (empati), remen nggatosaken kekiranganipun tiyang sanes (simpati), lan remen tetulung tiyang ingkang rekaos (peduli).
5.      Nglatih sikap ingkang tansah eling dhateng ancasipun gesang. Gesang wonten ngalam donya punika boten sanes inggih supados ngibadah dhateng Alloh. Nindakaken sedaya dhawuhipun lan nilar punapa kemawon larangan-laranganipun. Tiyang  punika dados kholifah (utusan ingkang saged mimpin), utamanipun mimpin dhiri pribadhi.
6.      Minangka srana kangge nglatih supados sedaya ingkang dipuntindakaken ing ngalam donya nggadhahi nilai ibadah. Wujudipun ngibadah boten namung sholat, ngaji, dzikir, lsp, nanging sedaya kegiatan kadosta makarya, tetulung, tilem, mesem, lsp ugi dados ibadah menawi katindakaken kanthi ikhlas lan  krana Alloh SWT.
7.      Ndadosaken ngatos-atos ing samubarang tumindak, utamanipun ingkang njalari dosa. Dados siyam boten namung nyegah dhahar kaliyan ngunjuk, namung ugi ngilari bab-bab ingkang saged mbatalaken lan ngrisak siyam kados ngrasani tiyang sanes ingkang awon-awon, ngapusi, mriksani bab ingkang nuwuhaken dosa, lan sapiturutipun.
8.      Ndadosaken kita  kiyat ngadhepi maneka warni pacoban lan alanganing gesang.
Upaminipun ngadhepi perkawis lajeng saged langkung sabar lan ikhlas, boten gampil duka, boten nggadhahi panduga awon (berprasangka buruk), lan sanes-sanesipun.
9.      Nglatih gesang kanthi sehat lan prasaja.
Kanthi nindakaken siyam, ateges ngendheg aktifitas organ tubuh kangge ngolah tetedhan ingkang lumebet wonten padharan. Bab punika migunani tumrap peremajaan sel-sel enggal menawi sasampunipun buka ugi tansah njagi dhaharipun namung sacekapipun. Kados welingipun nabi Muhammad SAW, amrih kendel anggenipun dhahar saderengipun tuwuk. Dene gesang prasaja punika gesang ingkang samadya kemawon, boten mubra-mubru (boros).
10.  Nuwuhaken raos syukur bilih sampun kaparingan gesang kanthi sehat, dalah sedaya kanikmataning gesang ingkang boten saged kaetang mbaka satunggal.

Sinaosa siyam punika nggadhahi mupangat ingkang kathah, nanging sedaya wau gumantung pribadhinipun piyambak-piyambak. Namung Gusti ingkang Akarya Jagad ingkang priksa kualitas siyam kita. Panci ibadah siyam punika ibadah ingkang sipatipun pribadhi. Sok sintena ingkang saged nglampai kados dhawuhipun Alloh, insyaalloh manggihi paedah-paedah kala wau. Dene kosok wangsulipun, saged ndadosaken kawontenan ingkang sikap hidup konsumtivisme kados dipunngendikakaken sedherek Sawali Tuhu Setya wonten : http://networkedblogs.com/ Mangga saged dipunwaos piyambak ingkang lodhang lan kesdu ngangsu kawruh bab punika. Nuwun. Sugeng siyam!

Tidak ada komentar: