Kamis, 09 Agustus 2012

Workshop Pengembangan Karir PTK. Dikdas


Bp. Erman Pujiyanto ngandharaken bab Modul Pembelajaran
WONOSOBO - Kangge ningkataken kompetensi profesional  guru basa Jawi  kabupaten Wonosobo babagan kemampuan mengajar, MGMP Basa Jawi Kabupaten Wonosobo ngawontenaken Workshop Pengembangan Karir PTK. Dikdas kanthi materi Pengembangan Modul Pembelajaran. Workshop dipunleksanakaken wonten SMPN 2 Wonosobo dinten Kemis, tanggal 9 Agustus 2012. Pasarta inggih punika bapak ibu anggota MGMP  dene nara sumberipun inggih bapak Erman Pujiyanto minangka pengawas SMP/MTs Kabupaten Wonosobo. “ Modul inggih menika perangan saking bahan ajar.

Pasarta Workshop MGMP Kabupaten Wonosobo
Pasarta aktif migatosaken andharan
Modul awujud saprangkat materi ingkang dipunsusun kanthi sistematis kangge para siswa kanthi mandhiri. Isinipun modul inggih punika materi, metode, ancas/tujuan, pitedah kangge nggarap soal /latihan” ngendikanipun Erman Pujiyanto kanthi tingkas. Erman Pujiyanto ugi nambahi, “Dene menawi bahan ajar inggih punika samukawis bahan ingkang dipunginakaken kalihan guru salebetipun pembelajaran wonten kelas. Wujudipun bahan ajar saged tertulis utawi boten tertulis”. Jinisipun wonten 5 inggih punika, wujud cetakan (LKS, handout, buku, modul, brosur, leaflet, lsp), wujud audio visual (film/video, VCD), wujud audio (kaset, radio, CD Video), visual (foto, gambar, model/maket), lan multi media (CD interaktif, computer based learning, internet). Kanthi workshop punika dipunangkah para guru kersaa sami nganggit bahan ajar ingkang trep kaliyan kondisi peserta didik. Sampun ngantos guru-guru basa Jawi kalebet wonten 5 kasus kelemahan guru nalika ngajar ing  kelas. Miturut hasil temuan wonten lapangan, dipunrumusaken wonten 5 kelemahan guru wonten Wonosobo. Sepisan, guru boten ngagem RPP nalika mucal. Kalih, guru boten nyawisaken alat bantu ajar. Tiga, guru kirang nggatosaken kemampuan awal peserta didik. Sekawan, anggenipun ngginakaken papan tulis (bor) kirang trep.

Pak Sri Mulyanto (Wakil Ketua MGMP) paring pengumuman
Gangsal, wonten guru ingkang boten ngawontenaken evaluasi pembelajaran. Pamanggih punika dipunngendikakaken Erman Pujiyanto, namung prosentasinipun dereng mangertos awit dereng dipunwontenaken panaliten. Workshop Penyusunan bahan ajar punika saged narik kawigaten pasarta katingal saking kathahipun pitakenan saking pasarta. Ing pungkasanipun workshop, Erman Pujiyanto mrayogekaken dhateng para guru supados sami kersa ndamel bahan ajar ingkang awujud buku. Pangangkah samangke saged pikantuk angka kredit pengembangan profesi lan saged kangge kenaikan pangkat guru. (Eko Hastuti) 



Tidak ada komentar: