Salah Mlebu Ruangan
Dina Kemis, 9
Agustus 2012 kepungkur aku entuk uleman saka MGMP Basa Jawa melu workshop ana
SMPN 2 Wonosobo. Manut uleman, acara diwiwiti jam 08.00 WIB. Sarehne olehku
mangkat rada telad tur anggonku nunggu angkutan lumayan suwe, tekan SMPN 2 wis nyepaki jam 09.00
WIB. Jelas yen telad, mula aku age-age mlaku setengah mlayu tumuju ruang MGMP
ing lantai 2 sing biasa kanggo acara MGMP. Ndilalah dhek Kemis sadurunge ya ing
papan iku. Kanthi semangat 45 aku ngener ruang mau. E..lha temenan, aku telad wis rada suwe, katon yen pasartane wis kebak. Karo uluk salam (Assalammu’alaikum)
aku matur, “Nyuwun ngapunten Pak, kula telad. Kala wau kendharaanipun ewed”. Nara sumber sing ora
takngerteni asmane lan jumeneng ana sangarepe pasarta ngendika, “Ngga apa-apa
Bu, saya juga baru saja mulai. Silakan cari tempat duduk”. Aku langsung mlebu
karo clingak-clinguk golek lungguhan. Amarga papane wis kebak aku njur mung ngodak-ngadek wae.
Ning rasaku kok aneh, kaya-kaya pasarta workshop priyayine aku akeh sing durung
kenal. Bareng daktamatake, ealah…ana guru sing daleme cepak perumahanku.
Kamangka piyambake ora ngasta mapel Basa Jawa. Apa maneh, banjur ana sing
ngendika, “Bu, MGMP Basa Jawi wonten ngandhap. Niki MGMP IPS”.Krungu aloke mau,
aku mung mbatin, “ We lha, dadi aku salah mlebu ruang ta iki”. Ndilalah, nara sumbere ya banjur
ngendika, “Maaf, Bu. Ibu mapelnya apa?”. Dakjawab, “Mapel Basa Jawi Pak” karo
ngampet isin. Sinambi nggembol wirang, aku matur, “ Nyuwun sewu nggih, kula
lepat mlebet ruang amargi kala Kemis wingi nggih wonten MGMP ing papan punika. Keleres
pengurus boten maringi ralat menawi ruangipun pindhah”. Bar matur kaya ngono
mau, aku gage metu didherekake eseme pasarta sing geli karo lelakonku. Wah,
isin tenan aku. Jelas iki dhampak yen wong ora tertip wektu. Upama aku ora
telad mesthi ora bakal kleru. Gumunku, aku kok ora nglegewa nalika tekan ngarep
ruang mau. Kamangka nara
sumbere jelas beda. Sing dadi nara
sumber MGMP Basa Jawa lak Pak Erman Pujiyanto, Pengawas SMP Kabupaten Wonosobo
ya kancaku dhewe nalika ngangsu kawruh ana MM Unsoed Purwokerto. Jebul ruang
sing dingo MGMP Basa Jawa ing ruang laborat. Sawise uluk salam karo njaluk
ngapura yen telad, aku mlaku golek panggonan. Ndhilalah ana kursi sing sela mung
ning mburi, aku ora mathuk amarga bakal ora weruh tulisan. Dasawang ing ngarep
dhewe ana kursi sela jejere Bu Ida Herawati. Aku banjur ngubengi ruangan saka
mburi tekan ngarep karo disawang kabeh pasarta. E…isih karo disenggaki Pak
Erman, ngendikane ..Mangga Bu Dra. Eko
Hastuti, MM sing Mesam-Mesem… Manggut-Manggut…Monthak-Manthuk….Megal-Megol….Rumangsa
isih kurang taktambahi dhewe, “ Mubang-Mubeng golek lungguhan”. ” Ger...aku
krungu swarane kanca-kanca padha ngguyu. Yen kedadeyan sing keri iki, aku ora
isin malah melu ngguyu. Wah jan...lelakon kok ana-ana wae.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar