Jumat, 17 Agustus 2012

APA TUMON

Kagem para siswa ingkang sampun dados anggota Grup Pasinaon Basa Tuwin Sastra Jawi, cariyos punika migunakaken unggah-ungguh basa ngoko alus. Saperangan ukara wonten ingkang abasa krama alus. Mugi-mugi saged dados tuladha lan pangertosan. Kagem para kadang sutrisna ingkang satuhu kinurmatan, mangga dipunpundhut hikmahipun kemawon. Nyuwun pangapunten menawi kirang pirenan ing galih. Nuwun
 ****************
Salah Mlebu Ruangan

Dina Kemis, 9 Agustus 2012 kepungkur aku entuk uleman saka MGMP Basa Jawa melu workshop ana SMPN 2 Wonosobo. Manut uleman, acara diwiwiti jam 08.00 WIB. Sarehne olehku mangkat rada telad tur anggonku nunggu angkutan lumayan suwe, tekan SMPN 2 wis nyepaki jam 09.00 WIB. Jelas yen telad, mula aku age-age mlaku setengah mlayu tumuju ruang MGMP ing lantai 2 sing biasa kanggo acara MGMP. Ndilalah dhek Kemis sadurunge ya ing papan iku. Kanthi semangat 45 aku ngener ruang mau. E..lha temenan, aku telad wis rada suwe, katon yen pasartane wis kebak. Karo uluk salam (Assalammu’alaikum) aku matur, “Nyuwun ngapunten Pak, kula telad. Kala wau kendharaanipun ewed”. Nara sumber sing ora takngerteni asmane lan jumeneng ana sangarepe pasarta ngendika, “Ngga apa-apa Bu, saya juga baru saja mulai. Silakan cari tempat duduk”. Aku langsung mlebu karo clingak-clinguk golek lungguhan. Amarga papane wis kebak aku njur mung ngodak-ngadek wae.
Ning rasaku kok aneh, kaya-kaya pasarta workshop priyayine aku akeh sing durung kenal. Bareng daktamatake, ealah…ana guru sing daleme cepak perumahanku. Kamangka piyambake ora ngasta mapel Basa Jawa. Apa maneh, banjur ana sing ngendika, “Bu, MGMP Basa Jawi wonten ngandhap. Niki MGMP IPS”.Krungu aloke mau, aku mung mbatin, “ We lha, dadi aku salah mlebu ruang ta iki”. Ndilalah, nara sumbere ya banjur ngendika, “Maaf, Bu. Ibu mapelnya apa?”. Dakjawab, “Mapel Basa Jawi Pak” karo ngampet isin. Sinambi nggembol wirang, aku matur, “ Nyuwun sewu nggih, kula lepat mlebet ruang amargi kala Kemis wingi nggih wonten MGMP ing papan punika. Keleres pengurus boten maringi ralat menawi ruangipun pindhah”. Bar matur kaya ngono mau, aku gage metu didherekake eseme pasarta sing geli karo lelakonku. Wah, isin tenan aku. Jelas iki dhampak yen wong ora tertip wektu. Upama aku ora telad mesthi ora bakal kleru. Gumunku, aku kok ora nglegewa nalika tekan ngarep ruang mau. Kamangka nara sumbere jelas beda. Sing dadi nara sumber MGMP Basa Jawa lak Pak Erman Pujiyanto, Pengawas SMP Kabupaten Wonosobo ya kancaku dhewe nalika ngangsu kawruh ana MM Unsoed Purwokerto. Jebul ruang sing dinggo MGMP Basa Jawa ing ruang laborat. Sawise uluk salam karo njaluk ngapura yen telad, aku mlaku golek panggonan. Ndhilalah ana kursi sing sela mung ning mburi, aku ora mathuk amarga bakal ora weruh tulisan. Daksawang ing ngarep dhewe ana kursi sela jejere Bu Ida Herawati. Aku banjur ngubengi ruangan saka mburi tekan ngarep karo disawang kabeh pasarta. E…isih karo disenggaki Pak Erman, ngendikane ..Mangga Bu Dra. Eko Hastuti, MM sing Mesam-Mesem… Manggut-Manggut…Monthak-Manthu​k….Megal-Megol….Rumangsa isih kurang taktambahi dhewe, “ Mubang-Mubeng golek lungguhan”. ” Ger...aku krungu swarane kanca-kanca padha ngguyu. Yen kedadeyan sing keri iki, aku ora isin malah melu ngguyu. Wah jan...lelakon kok ana-ana wae

Tidak ada komentar: