Rabu, 29 Agustus 2012

NGANGSU KAWRUH



Ombyaking donya tan  kinira
Kadya mumbul ndedel ngangkasa
Sundhul ngawiyat
Kebat kliwat
Ing pangentha-entha
Ing panguda rasa
Ing panggraita

Duk nguni bumi kang siji
Katon gumilar jembar gilar-gilar
Adoh dinulu, suwe tinuju
Mung lelangenan kang nglambrang
Turut lurung-lurung dalan kang peteng lelimengan

Dene ing jaman samangke
Sarwa padhang kencar-kencar
Sumunar cahyane
Terang langite
Sumebar wartane
Tanpa winates papan lan wektu kanggo  nunggu nganti nglilir turu

Awit sakehing usada
Wiwit ngladhi, ngudi lan nguri-uri
Kawit miyaki, nintingi, dalah ngonceki
Mrih lestari ing tembe mburi
Ya krana ngangsu kawruh
Samubarang kang durung weruh
Tanpa ewuh pakewuh
Datan ruruh

Soksapaa enggal cancut taliwandha
Ngrenda dina-dina kebak beja lan mulya
Nganggit gurit kang ngrerujit jiwa
Ngangsua kawruh kang utama
Mrih uripira santosa

Wonosobo, 29 Agustus 2012



NAWANG WULAN
(Gurit kagem Mbak Nawang Wulan)

Dening : Eko Hastuti

Nadyan mung esemu kang ngujiwat
Aneng jagading alam’maya’
Wus gawe tumreceping rasa lan jiwa
Amemangun karyenak sasama
Nenangi impen-impen duk nguni
Guritmu pancen ngedab-edabi

Wulan ndadari
Upama kacandra
Lantip ngrenda wanda
Antep reroncening tembung-tembung
Numpes ati kang kumlawung suwung dadya adi luhung

Wonosobo, 29 Agustus 2012





 






Tidak ada komentar: