Kamis, 15 Maret 2012

W U R U N G


Dening : Eko Hastuti
      Langite biru maya-maya. Resik gumrining ora ana kumliwering mega. Katon endah dinulu resep rinasa. Eman, sesawangan mau tan kuwagang nglipur ruwet rentenging pikire Pak Ngadiman. Malah saking judhege kaya-kaya donya iki katon peteng ndhedhet lelimengan. Kabeh sarwa ireng katon sunya tanpa rebawa. Pating cruwete bocah kang padha playon ora dirungu. Sing krungu mung gumludhuging dhadhane kang kebak sewu rasa. Susah, sayah, lungkrah, isin, wirang, anyel, mendhekel, lan maneka warna rasa tumleg- bleg dadi siji. Uwet-uwetan, uleng-ulengan nganti ruwet banget ora kena diudhari. Lagi arep ndudut-ndudut nalar  golek dalan padhang kesaru tekane bojone nggawa was sumelang.
       “ Pakne, njenengan ki priye? Kok malah legeg dhelag-dheleg ngono. Genah si Parmo cetha lunga, mbok reka-reka kepriye carane lehe arep nggoleki. Wah…wah…bocah kok ra nggenah. Gawe wirange wong tuwa ra sithik. Aku isin banget lho, Pak! Kabar nek awake dhewe arep mantu ki lak wis sumebar tekan njabal kat. Le tarub we ming kurang limang dina, ha thik ndadak bocahe lunga tanpa pamit. Mengko gek…” kandhane Mbok Ngadiman durung rampung wis keselak disaut bojone.
      “ Wis, mbokne! Rasah kakehan cangkem. Apa kok kira sing isin, wirang, sedhih, kuwi mung kowe? Meneng-meneng aku ya ngenam pikir kepriye lehe arep golek dalan. Nek manut caramu, aku kok kon nggoleki ki terus arep digoleki nyang ngendi? Genah lungane Parmo tanpa pamit, tanpa paran. Ora, mbokne, wingi ki kepriye kok nganti Parmo ngerti lehmu nyimpen barange Dinem kuwi?”
      “ Bar ka Tlatar tekenan kae, Parmo kok ketok suntrut ra bingar-bingara pisan. Tak takoni kenang ngapa, kathik ora gelem semaur. Malah genten takon Bapak nyang ngendi ta Mbok? Taksauri nang ngalas agek ngrewangi ndhangir lombok nggone Wakmu Darna Ngaglik. Bar kuwi pancen nembung njaluk songsi benet. Jare arep njupuk kathok karo kemeja arep dipenatu wong sesuk arep melu penataran calon manten ana Sawangan. Let sedhela songsi dibalekake karo pamit arep nyang Blabak tuku areng. Jan, babar pisan aku ora cubriya apa-apa, wong Parmo ya mung kaosan karo kathokan biru lawas kae. Lak ya ra ngira nek arep nglungani ta? Ayake ya wektu kuwi le njupuk gelang karo kalunge adhine. Aku ibut ana pawon dadi ora nglegewa”.
   Pak Ngadiman mung gedhag-gedheg. Arep nesoni bojone genah ora salah. Nek ditlusur malah dheweke sing luput. Gelang karo kalung mau biasane disimpen ana laci bipet. Songsine ya dicekel dhewe. E…kok ndadak dileh ana benet mbarang. Karo maneh, nek mung bab barang, sakjane ora banget gawe susah. Barang lak bisa digoleki maneh. Ning bab rembug karo Pak Dirjo, apa tegel arep dipunggel. Kamangka rembug wis dadi, thirik-thirik kari nunggu titi wanci. Yen kepeksa njugarake rembug, kaya ngapa aloke tangga teparo. Sirahe banjur krasa pating srenut, kemut-kemut mumet banget. Tangane tengen nyekel pilingan ngenyet-eyet. Judheg-judheg. Bojone isih lungguh ana sandhinge karo sangga wang. Dumadakan Pak Diman njola saka pangalamunan. Kaya ngilir saka impen endah atine bungah. Pak Diman kelingan anake lanang sijine kang ana Jakarta. Parmin isih legan wong tawani rabi bola-bali durung karep. E…mbok menawa Parmin bisa ngrasakake susahe wong tuwa. Terus gelem nyulihi adhine, dadi nutup wirang lan isine wong tuwa.
   “Ngene Mbokne, aku bar mikirake anakmu Parmin. Priye nek dheweke dilayangi bae kon mulih. Ya..ethok-ethok dijak rembugan mratikelake adhine. Nek wis bali, lak mengko gampang rembuge.
    “Karepmu Pakne, sing penting awake dhewe isa uwal saka pepeteng iki. Lha terus priye anggonmu nggawe layang kuwi? Genah ra isa maca apamaneh nulis?
        “Halah bab ngono we kok mbok urus. Njaluk tulung Mas Yitno wetan kono lak gampang. Mengko ben dipernahke pisan carane kirim layang sing paling cepet”.
         Pak Diman gage mentas pengangkah arep menyang nggone Mas Yitno, tanggane. Ndilalah priyayine ana dalem lagi maos Koran. Bareng ngerti ana tamu, enggal mentas ngengakake lawang.
        "Mangga, mangga ngriki Pak Diman. Lak nggih sami wilujeng ta? “ tembunge Mas Yitna mbukani rembug.
          “ Nggih…nggih Mas, matur nuwun. Nggih pangestunipun Mas Yitno, niki kula kuru-kuru kemawon”.
        “Wah, Pak Diman niku. Kuru lak nggih boten napa-napa. Sing penting  waras-wiris lan slamet. Dospundi Pak, kok kados wigati sanget. Pripun kabare Parmo sanjange kesah punapa saestu?”
        “Nggih bab Parmo punika ingkang badhe kula suwunaken iguh pratikel. Lare punika genah kesah amargi boten purun emah-emah. Kamangka rembugipun sampun dados. Terus pripun kula niki anggene ajeng medhot rembug. Lak nggih jeguh-pekewuh ta. Lha ancas kula punika badhe nyuwun tulung panjenengan ndamelaken layang kangge Parmin. Supados piyambake enggal-enggal wangsul, lajeng yulihi Parmo”.
         Ing batin Mas Yitno ngguyu gleges. Ana jejodhoan kok kaya wong blanja wae, gampang diijol-ijolake.  Senajan ngono sing metu ya tetep  beda.
         “Kula ngertos kados napa ribeting penggalih sampeyan. Menawi namung damel serat, kula purun-purun kemawon. Enjing-enjing kula plongake sisan teng Magelang. Ning nyuwun sewu, kula kok dereng mudhenglarah-larahipun. Parmo kesah margi boten purun nglampahi menika lak lucu ta. Wong wingi-wingi melu sengkud mlathoki kayu. Ateges Parmo ngerti nek arep  mantu”.
         “Bibit kawite niku lak nggih Parmo kiyambak. Genah bocah lagi wingi sore kok sambung tresna karo randha anak telu. Kula nggih boten angsal, kejawi kirang babag, lak awrat sangganipun. Bar niku Parmo terus dolan teng teng Likne Talun. Pasrah ken madoske bojo. Sanjange sauger Lik Sarju ingkang madosaken mesthi setuju. Ha nggih lare menika ingkang dipun rembug. Mas Yitno manthuk-manthuk wiwit mudheng dhodhok selehe.
        “Kesahe niku yah napa ta?”
          “Nggih wingi siyang bar tekenan nika. Kula nggih saweg wonten sabin. Sanjange mbokne lare menika pamit badhe tumbas areng damel menatu. Jebul dianti-anti boten bali nganti sepriki”.
         “Saweg tekenan ingkang ngeteraken sinten Pak Diman? “
         “ Nggih Darno anakipun Kang Sastro nika. Kua nggih pun taken kiyambake. Wau dalu lak kula purugi. Turene bar tekenan Parmo gela nyumerepi larene. Mungal benten kalih lare ingkang papagi rumiyin. Sing sakniki larene cemeng ragi sepuh tur ala ngaten. Ning kulak ok boten pitados kalih sanjange Darno niku”.
       Senajan Pak Diman dewe ora percaya karo Darno, nanging Mas Yitna percaya. Saka larah-larahe lelakon mau kaya ana bab sing nyalawadi. Rasa welas terus tumus, kepingin mbiyantu ngentasake kulawargane Pak Dirman saka reribet. Banjur gagasane diwedharake.
       “ Pak Diman, sasampunipun kula ngertos alang ujure prekawise sampeyan, kula gadhah panginten yen bab punika wonten wewadinipun. Leres botenipun panginten kula kedah dipun jelasaken. Caranipun sampeyan tindak wonten dalemipin pak Kaum rumiyin nyuwun priksa cirri-cirinipun lare menika. Sampeyan kiyambak sanjange dereng mangertos. Lha menawi sampun gambling, sampenyan terus tindak talun,nyocogaken lumantar Pak Sarju. Dene bab serat punika tetep didamel, supados Parmin enggal wangsul. Ning sampeyan boten saged meksa Parmin lho Pak Diman! Jejodhohan menika lak hak ipun ingkang nglampahi.
      Layang sida digawe, esukke diplongake ana Magelang. Dene Pak Diman ya manut pertikele Mas Yitna. Mula sawise takon kaume, lunga menyang Talun saperlu nemoni pernah adhine, Sarju. Sakawit Sarju nesu bareng krungu yen Parmo lunga tanpa pamit. Nanging bar diterangake werna-werna lan sebab-sebabe, Sarju bisa ngerteni kira-kira sing dadi undherane perkara. Eman, Parmo ora gelem blaka suta malah keselak lunga. Wusana Pak Diman karo Sarju rembugan bab bocah wedok ya calon mantune.
     “Kok isa-isane malih rupa. Jare gek diton-toni kae bocahe kuning senajan ora patiya ayu ning grapyak semanak. Kathik bareng tekenan malih dadi ireng, rada tuwa gek ala. Walah…mengko gek  diijoli…” mangkono panglocitane Pak Diman.
    “Ngene Kang, biyen sing rembugan aku. Saiki ana kedadeyan kaya ngene, aku ya kudu melu tanggung jawab” kandhane Sarju manteb.
        Sarju meneng sauntara, banjur kelingan lagi nembung dhisik kae bocahe kuning lan durung patiya tuwa. Jare Pak Dirjo, Dikem kuwi anake sing ragil. Wong mbarepe lanang wis omah-omah. Pak Diman selak ora sranta banjur kandha.
      “Terus kepriye nek kaya ngene iki, Sar? Aku selak ora betah ngraskake. Saupama olehe arep besanan dijugarake  wae, priye?”
       “Mengko sik ta Kang! Senajan mumete ora karuwan ning ana rembug ya dirembug kanthi padhang. Ora grusa-grusu ngono kwi. Aku taktakon kaume Dukun sik. Sing angkat tekenan kae Dikem apa dudu. Mengko nek cetha wong liya, aku lak duwe bahan olehe arep medhot rembug. Apamaneh yen kuwi pancen dijarak Pak Dirja. Aku dadi entheng anggone menehi alasan”.
      Sadina sadurunge tarub, Parmin bali. Bar dicritani kahanan kang werna-werna ana ngomah, Parmin kaged. Apa maneh bar ngerti nek dheweke kon mulih jebul kon nutup wirang. Parmin ora sanggup apa maneh dheweke uwis duwe pacangan ana Jakarta. Lagi judheging judheg Pak Sarju teka. Kandha nek bener pangirane biyen. Pancen Pak Dirja sing ora jujur. Bocah sing diaku Dikem iku, jebul anake tanggane. Anake dhewe diumpetake wong ala tur rada tuwa. Gek pas diparani kae, anake tanggane sing dikon metu laden. Lha ngertine Parmo laky a bocah kuwi.
     Bareng cetha Pak Dirman sing ora jujur, Sarju wani njugarake rembug tuwa. Menawa olehe arep besanan karo Pak Dirman wurung amarga Parmo lunga ora pamit, tur ya ra wekas apa-apa. Pak Dirja ora bisa suwala, dene Pak Dirman dadi lega. Plong atine, ruwet-rentenging pikir sing awut-awutan wis udhar. Cumeplong maneh bareng let telung dina, entuk layang saka Sumatra. Parmo jebul tekan kana, bara golek upa.
(Dimuat  di Majalah Djaka Lodhang No. 48, 27 Januari 1993 dengan nama samaran Tuti Brata Atmadja)

2 komentar:

Suara Hati mengatakan...

Wealah mesakno nasibe Parmo..

ibu wulan mengatakan...


AssalamuAlaikum wr"wb Allahu Akbar-Allahu Akbar allah mahabesar.
Kenalkan saya IBU ULAN TKI membernya yang kemarin aki brikan nmr 4D
asal dari kota MEDAN, jadi tki di SINGAPUR, mau mengucapkan banyak2
trimakasih kepada KI PALAH yg sdh membantu kami sekeluarga melalui
nmr TOGEL SINGAPUR 4D Keluar hari rabu kemarin
allahamdulillah benar-benar kluar akhirnya dapat BLT Rp.500jt,
sesuai niat kami kemarin KI, klo sdh jackpot, kami
mau pulan kampung buka usaha & berhenti jadi TKI, TKW,
cepek jadi prantauan aki kerena sdh 15 tahun
jadi tkw nga ada perkembangan, jangankan dibilang
sukses buat kirim ke Kampung pun buat keluarga susah KI,
malu KI ama kluarga pulang nga bawah apa2, kita disini hanya
dpt siksaan dari majikan terkadan gaji tdk dikasih, jadi sekali
lagi trimakasih byk buat aki sdh membantu kami, saya tdk bakal l
upa seumur hidup saya atas batuan & budi baik KI PALAH terhadap kami.
Buat sahabat2 tki & tkw yg dilandai masalah/ingin
pulang kampung tdk ada ongkos, dan keadaannya sdh kepepet
tdk ada pilihan lain lg. jangan putus asa, disini kami sdh
temukan solusi yg tepat akurat & trpercaya banyak yg akui ke
ahliannya di teman2 facebook dengan jaminan tdk bakal kecewa,
jelas trasa bedahnya dengan AKI-AKI yang lain, sdh berapa org yg kami
telpon sebelum KI PALAH semuanya nihil, hanya menambah beban, nga kaya
KI PALAH kmi kenal lewat teman facebook sdh terbukti membantu
ratusan tki & tkw termasuk kami yg dibrikan motipasi sangat besar,
demi allah s.w.t ini kisah nyata kami yg tak terlupakan dalam hidup kami AKI,
sekali lagi trimakasih byk sdh membantu kami,skrg kami sdh bisa pulang
dengan membawa hasil.
Jika sahabat2 merasakan hal yang sama dengan kami.
silahkan Hubungi KI PALAH siapa cepat dia dapat,
TERBATASI penerimaan member...wajib 9 member bisa diterimah
dlm 3x putaran.Hubungi 0823 8831 6351 atau kunjungi situs beliau dengan cara klik
>>>>KLIK DI SINI<<<<