Jumat, 27 Januari 2012

SAMIRANA ING PURWANING WARSA


Huwut…huwut…huwut…
Wiramaning samirana tumapak angkasa
Nggusah mega, ngoyak apa
Tumurun nyamber  samubarang kalir
Nyemplok-nyemplok pang, nyuwir-nyuwir godhong pating sluwir
Kadya miwiring atiku kang mobat-mabit ketar-ketir
Kemitir

Dhudhag…dhudhag…dhudhag….
Tembange seng-seng amoh pating kemradhag
Tinabuh angin ngiwa-nengen
Pikiran nglambrang kebak angen-engen
Ora perduli lingsir wengi
Wayahe manungsa padha ngimpi
Kejaba aku kang lagi metani dosa siji mbok siji

Sreng…..brak….
Bengoke seng tumiba ing plataran
Luwar saka paku-paku tuwa ing reng lan usuk
Nyepetake wengi dadi parak esuk
Mbuh ngoyak apa?
Angin salah mangsa wis nggusah banyu udan kang kudune teka
Miwiti kadang tani padha tanem tuwuh
Kanggo murwani olehe labuh
Apa angin utusane Gusti Kang Murbeng Dumadi
Nggugah jalma kereben padha tangi
Amrih eling lan memuji
Mring Hyang Widhi

Apa nglelisik telenging nala
Mrih tinarbuka ing sakehing luput lan dosa
Gelema ngunjukake puja lan nyuwun pangapura
Sadurunge samirana krodha
Ngorak-arik isine donya sembarang kang tumata
Kanggo seksi yen Gusti iku Maha Kuwasa
Samangsa kersa, apa bae bisa musna
Sanalika

Angin ing sasi iki dudu angin biyasa
Kang ilir-ilir semilir
Ngelilir tandur kang wiwit nglilir
Nanging maruta saka obahing samodra
Wus kakersakake  Kang Maha Kuwasa
Kanggo pepiling kabeh manungsa
Mrih eling lan waspada
Tansah ndedonga nyuwun pangapura
Dhuh Gusti, tebihna saking sedaya  sambekala

Tidak ada komentar: