Jumat, 10 Agustus 2012

Crita Pengalaman


Salah Mlebu Ruangan

Dina Kemis, 9 Agustus 2012 kepungkur aku entuk uleman saka MGMP Basa Jawa melu workshop ana SMPN 2 Wonosobo. Manut uleman, acara diwiwiti jam 08.00 WIB. Sarehne olehku mangkat rada telad tur anggonku nunggu angkutan lumayan suwe, tekan SMPN 2 wis nyepaki jam 09.00 WIB. Jelas yen telad, mula aku age-age mlaku setengah mlayu tumuju ruang MGMP ing lantai 2 sing biasa kanggo acara MGMP. Ndilalah dhek Kemis sadurunge ya ing papan iku. Kanthi semangat 45 aku ngener ruang mau. E..lha temenan, aku telad wis rada suwe, katon yen pasartane wis kebak. Karo uluk salam (Assalammu’alaikum) aku matur, “Nyuwun ngapunten Pak, kula telad. Kala wau kendharaanipun ewed”. Nara sumber sing ora takngerteni asmane lan jumeneng ana sangarepe pasarta ngendika, “Ngga apa-apa Bu, saya juga baru saja mulai. Silakan cari tempat duduk”. Aku langsung mlebu karo clingak-clinguk golek lungguhan. Amarga papane wis kebak aku njur mung ngodak-ngadek wae. Ning rasaku kok aneh, kaya-kaya pasarta workshop priyayine aku akeh sing durung kenal. Bareng daktamatake, ealah…ana guru sing daleme cepak perumahanku. Kamangka piyambake ora ngasta mapel Basa Jawa. Apa maneh, banjur ana sing ngendika, “Bu, MGMP Basa Jawi wonten ngandhap. Niki MGMP IPS”.Krungu aloke mau, aku mung mbatin, “ We lha, dadi aku salah mlebu ruang ta iki”. Ndilalah, nara sumbere ya banjur ngendika, “Maaf, Bu. Ibu mapelnya apa?”. Dakjawab, “Mapel Basa Jawi Pak” karo ngampet isin. Sinambi nggembol wirang, aku matur, “ Nyuwun sewu nggih, kula lepat mlebet ruang amargi kala Kemis wingi nggih wonten MGMP ing papan punika. Keleres pengurus boten maringi ralat menawi ruangipun pindhah”. Bar matur kaya ngono mau, aku gage metu didherekake eseme pasarta sing geli karo lelakonku. Wah, isin tenan aku. Jelas iki dhampak yen wong ora tertip wektu. Upama aku ora telad mesthi ora bakal kleru. Gumunku, aku kok ora nglegewa nalika tekan ngarep ruang mau. Kamangka nara sumbere jelas beda. Sing dadi nara sumber MGMP Basa Jawa lak Pak Erman Pujiyanto, Pengawas SMP Kabupaten Wonosobo ya kancaku dhewe nalika ngangsu kawruh ana MM Unsoed Purwokerto. Jebul ruang sing dingo MGMP Basa Jawa ing ruang laborat. Sawise uluk salam karo njaluk ngapura yen telad, aku mlaku golek panggonan. Ndhilalah ana kursi sing sela mung ning mburi, aku ora mathuk amarga bakal ora weruh tulisan. Dasawang ing ngarep dhewe ana kursi sela jejere Bu Ida Herawati. Aku banjur ngubengi ruangan saka mburi tekan ngarep karo disawang kabeh pasarta. E…isih karo disenggaki Pak Erman, ngendikane ..Mangga Bu Dra. Eko Hastuti, MM sing Mesam-Mesem… Manggut-Manggut…Monthak-Manthuk….Megal-Megol….Rumangsa isih kurang taktambahi dhewe, “ Mubang-Mubeng golek lungguhan”. ” Ger...aku krungu swarane kanca-kanca padha ngguyu. Yen kedadeyan sing keri iki, aku ora isin malah melu ngguyu. Wah jan...lelakon kok ana-ana wae.

Kamis, 09 Agustus 2012

Workshop Pengembangan Karir PTK. Dikdas


Bp. Erman Pujiyanto ngandharaken bab Modul Pembelajaran
WONOSOBO - Kangge ningkataken kompetensi profesional  guru basa Jawi  kabupaten Wonosobo babagan kemampuan mengajar, MGMP Basa Jawi Kabupaten Wonosobo ngawontenaken Workshop Pengembangan Karir PTK. Dikdas kanthi materi Pengembangan Modul Pembelajaran. Workshop dipunleksanakaken wonten SMPN 2 Wonosobo dinten Kemis, tanggal 9 Agustus 2012. Pasarta inggih punika bapak ibu anggota MGMP  dene nara sumberipun inggih bapak Erman Pujiyanto minangka pengawas SMP/MTs Kabupaten Wonosobo. “ Modul inggih menika perangan saking bahan ajar.

Pasarta Workshop MGMP Kabupaten Wonosobo
Pasarta aktif migatosaken andharan
Modul awujud saprangkat materi ingkang dipunsusun kanthi sistematis kangge para siswa kanthi mandhiri. Isinipun modul inggih punika materi, metode, ancas/tujuan, pitedah kangge nggarap soal /latihan” ngendikanipun Erman Pujiyanto kanthi tingkas. Erman Pujiyanto ugi nambahi, “Dene menawi bahan ajar inggih punika samukawis bahan ingkang dipunginakaken kalihan guru salebetipun pembelajaran wonten kelas. Wujudipun bahan ajar saged tertulis utawi boten tertulis”. Jinisipun wonten 5 inggih punika, wujud cetakan (LKS, handout, buku, modul, brosur, leaflet, lsp), wujud audio visual (film/video, VCD), wujud audio (kaset, radio, CD Video), visual (foto, gambar, model/maket), lan multi media (CD interaktif, computer based learning, internet). Kanthi workshop punika dipunangkah para guru kersaa sami nganggit bahan ajar ingkang trep kaliyan kondisi peserta didik. Sampun ngantos guru-guru basa Jawi kalebet wonten 5 kasus kelemahan guru nalika ngajar ing  kelas. Miturut hasil temuan wonten lapangan, dipunrumusaken wonten 5 kelemahan guru wonten Wonosobo. Sepisan, guru boten ngagem RPP nalika mucal. Kalih, guru boten nyawisaken alat bantu ajar. Tiga, guru kirang nggatosaken kemampuan awal peserta didik. Sekawan, anggenipun ngginakaken papan tulis (bor) kirang trep.

Pak Sri Mulyanto (Wakil Ketua MGMP) paring pengumuman
Gangsal, wonten guru ingkang boten ngawontenaken evaluasi pembelajaran. Pamanggih punika dipunngendikakaken Erman Pujiyanto, namung prosentasinipun dereng mangertos awit dereng dipunwontenaken panaliten. Workshop Penyusunan bahan ajar punika saged narik kawigaten pasarta katingal saking kathahipun pitakenan saking pasarta. Ing pungkasanipun workshop, Erman Pujiyanto mrayogekaken dhateng para guru supados sami kersa ndamel bahan ajar ingkang awujud buku. Pangangkah samangke saged pikantuk angka kredit pengembangan profesi lan saged kangge kenaikan pangkat guru. (Eko Hastuti) 



Gladhen Ndamel Artikel Kagem Guru Basa Jawi


Eko Hastuti ngandharaken bab Nyerat Artikel
Wonosobo,  9 Agustus 2012

Seminggu kepengker, dinten Kemis, 2 Agustus 2012 tabuh 09.00 ngantos 13.00 WIB wonten SMPN 2 Wonosobo dipunwontenaken gladhen nyerat artikel. Kegiatan punika mligi kangge guru-guru basa Jawi ing kabupaten Wonosobo. Sakawit minangka nara sumberipun saking LPMP Jawa Tengah, nanging amargi ngepasi boten saged rawuh lajeng kagantos kula piyambak. Temtunipun lajeng materinipun beten kaliyan rancangan sepisanan inggih ndamel artikel PTK.
Bapak Edy saking SMPN 1 Kertek paring tanggapan
Sinaosa makaten, kula ugi mbabar bab nyerat artikel PTK lan artikel umumipun ingkang kababar wonten kalawarti utawi ariwarti. Panci ingkang punwastani artikel punika jinisipun warni-warni gumantung ancasipun. Kados artikel kanthi ancas penugasan, informasi, persuasi, entertainment, eksistensi, kreatif, pemecahan masalah utawi kagem kenaikan pangkat guru. Ingkang pungkasan punika wujud ringkesan saking laporan PTK. Dados Laporan PTK ingkang kathah cacahipun punringkes dados kirang langkung 15 kaca. Perangan ingkang kedah punserat wonten artikel PTK antawisipun : abstrak, kajian teori, hipotesis, metode penelitian, hasil tindakan, simpulan dan saran, lan daftar pustaka. Salajengipun, artikel PTK punika kakintu wonten Jurnal Pendidikan. Menawi kaemot, samangke artikelipun saged kagem kenaikan pangkat, dene bijinipun pikantuk 2 poin. Syarat kagem kenaikan pangkat saking golongan IVa dhateng IVb kedah ngempalaken biji pengembangan profesi sekedhikipun 12 poin.

Saperangan pasarta ingkang pinarak ing sisih tengen ruangan
“Gladhen nyerat artikel punika saestu migunani tumrap kula sakanca. Kula lajeng mangertosi babagan nyerat artikel” tanggapanipun Bu Nanik salah satunggaling pasarta ing acara tanya jawab. Pamanggih punika inggih dipunsengkuyung dening Bapak Indro Ismanu minangka Ketua MGMP Basa Jawi Kabupaten Wonosobo. Dene Bapak Edy ingkang baut medhar sabda lan dados pranata acara nggadhahi pamanggih bilih, “ Basa punika sagedipun menawi dipunagem utawi dipunpraktekaken. Pramila kagem bapak utawi ibu guru ingkang rumaos taksih kewedan ngendika lan nyerat mawi basa Jawi nggih kedah gladhen ngendika kemawon utawi nyerat kemawon. Dangu-dangu temtu saged. Kula usul kangge nglanyahakem kaprigelan bab punika MGMP bekerja sama kalian Paguyuban Permadani Wonosobo. Upaminipun kala-kala ngepasi MGMP ngaturi rawuh pengurusipun”. Ing acara tanya jawab wonten pitakenan 7 saking pasarta, inggih saking Bu Nanik, Bu Duriatul Fatonah, Bu Ida Herawati, Bu Yantilah, Pak Edy, Pak Sri Mulyanto lan Pak Indro Ismanu. Pasarta salajengipun kaklompokaken kagem gladhen nyerat artikel ingkang dipunpandu dening Bu Eko Hastuti minangka nara sumber lan pengurus MGMP. Kasilipun kagem lampiran laporan kegiatan worshop “Menulis Artikel” ingkang punwragadi saking dana block grand taun 2012 (Eko Hastuti).

Selasa, 10 Juli 2012

TITIK BALIK : BERUBAH DENGAN TINDAKAN


Oleh : Eko Hastuti

Sebagian orang ada bersikap apatis ketika umur semakin udzur. Semangat turun gairah melemah dari hampir semua aktifitas hidup. Yang terasa hanya mudah lelah dan gampang mengeluh. Hasilnya, hidup terasa sepi, sunyi dan tak berarti lagi. Seakan badan sudah bau tanah atau masa tinggal menjemput maut. Sementara mereka tak pernah tahu kapan maut datang menghampirinya. Jelas, sikap ini hanya membuang-buang waktu saja. Atau menjadi cerminan bahwa mereka tidak bersyukur telah diberi karunia panjang umur. Tentu pandangan mereka berdampak terhadap kualitas hidupnya sehingga menjadi turun drastis. Tidak produktif lagi. Boro-boro punya dedikasi, bahkan prestasi sebagai puncak kinerja sepanjang hidupnya. Mereka merasa menjadi beban hidup bagi keluarganya (anak cucunya). Hari-hari pun terasa hampa. Masa-masa lalu satu per satu muncul silih berganti. Luka lama seakan ternganga lagi. Kegagalan demi kegagalan, kekecewaan demi kekecewaan, dan kebencian demi kebencian terkuak di pelupuk mata. Rasa dongkol, sedih, marah karena telah dikhianati membara di saat memori melintas sekejap di ujung mata. Semakin angan  melambung tinggi, kedukaan pun semakin dekat tersaji. Kebencian memuncak, penyesalan membuncah menyesaki dada serasa mau pecah. Memori yang hitam pekat, semakin kental nampak gelap. Menyelimuti hati jadi perih dalam raga dan jiwa yang semakin ringkih. Lebih ironis lagi bila kenyataan ini melanda kaum muda yang seharusnya sedang semangat-semangatnya merintis karier hidup. Atau sedang membara menjemput cinta untuk menuju ke mahligai rumah tangga.