Anggenipun memba-memba kados tiyang dusun ingkang
mlebet wonten kedhaton Wirata. Inggih wonten kedhaton punika Prabu Matswapati
jumeneng nata. Pandhawa nggadhahi pangajab supados katampi dados abdinipun
krajan Wirata. Pandhawa lajeng lumebet wonten ing kedhaton nanging boten
sesarengan. Anggenipun lumebet satunggal mbaka satunggal. Puntadewa memba-memba
dados brahmana kanthi asma Tanda Dwijakangka utawi Kangka. Kangka dipunutus
dados penasehat Prabu Matswapati. Bima
dados Bilawa dipuntugasi dados Jagal lan Juru masak kraton. Arjuna dados Kandi
Wrehatnala kajibah dados guru beksan wonten Keputren . Nakula dados Darmaganti
nggadhahi tugas nyawisaken turangga – turangga ingkang badhe dipuntitihi dening
para Pangeran Wirata. Dene Sadewa dados Tantripala pikantuk ayahan angen lembu.
Dewi Drupati garwanipun Puntadewa memba-memba dados Nyai Salindri pikantuk
ayahan dados juru rias kraton.
Sadangunipun nyamar kados mekaten, kathah prastawa
ingkang dipunlampahi dening Pandhawa. Rawuhipun Salindri wonten istana
ndadosaken Patih Kicakarupa tresna. Patih Kicakarupa nyuwun kaliyan Salindri
supados nglanggati napsunipun. Salindri ngakeni menawi piyambake garwanipun
salah satunggaling gandarwa. Kicakarupa boten pitados wangsulanipun Salindri
lan kepingin mbuktekaken kasunyatanipun cariyos Salindri. Salindri nyukani
wekdal supados Patih Kicakarupa rawuh
piyambak ing satengahing dalu wonten ing sapinggiripun lepen, temtu badhe
pinanggih kaliyan garwanipun Salindri. Salindri lajeng manggihi Jagal Bilawa
supados mbiyantu ngrampungaken masalahipun kaliyan Patih Kacakarupa. Bilawa
boten kawratan lan siyaga mbiyantu. Wakdal lingsir dalu Patih tindak dhateng pinggir lepen. Leres saestu Patih Kicakarupa
kepanggih kalihan gandarwa ingkang inggil ageng. Gandarwa nyuwun supados
Kicakarupa njugaraken krenteg awonipun, supados boten nggodha Salindri
garwanipun. Nanging Kicakarupa boten purun. Ngendikanipun, langkung sae seda
tinimbang nilaraken Salindri. Lajeng kedadosan perang antawisipun Kicakarupa
kaliyan Bilawa ingkang ngakeni minangka gandarwa. Patih Kicakarupa kadhesek
mundhur, lajeng mlajar sasampunipun dipunjotos mawangsul-wangsul kaliyan
gandarwa.
Sapunika Wirata nemahi rerusuh. Kicakarupa,
Rupakenca lan Rajamala ingkang taksih adik Prabu Matswapati, nyuwun supados
Prabu Matswapati lengser keprabon. Amargi
Krajan Wirata sampun boten mbetahaken Prabu Matswapati. Kraton Wirata
nyuwun gantosan raja ingkang cocog. Ingkang dipunanggep cocog inggih Kicakarupa.
Prabu Matswapati boten purun nuruti kekajengan punika. Kicakarupa lajeng nyuwun
dipunwontenaken adu jago kangge milih Raja Wirata. Kicakarupa milih adhikipun
inggih Rajamala ingkang dados jagonipun. Wekdalipun kantun seminggu nanging
Prabu Matswapati dereng pikantuk jagonipun. Lajeng nyuwun pamanggih dhateng
Kangka. Sanjangipun Kangka ingkang cocog inggih Jagal Bilawa, ingkang lajeng
dipunsetujoni.
Ing dinten ingkang sampun katemtokaken, Rajamala
kaliyan Bilawa sampun siap dipunadu. Rajamala ewet dipunkalahaken. Nanging
nalika lena, Bilawa saged nyengkerem lan nyuwek jaja lan padharan Rajamala
ngantos tiwas. Kicakarupa kaliyan Rupakica lajeng nggotong Rajamala dhateng
Sendhang Panguripan ing wingking Kedhaton. Sasampunipun dipunlebetaken wonten
tonya, lajeng gesang malih. Rajamala majeng perang malih lajeng tiwas malih.
Kajeguraken toya malih, gesang malih. Mekaten ngantos wongsal-wangsul. Bilawa
ngantos kuwalahen telas tenaganipun. Mila, Kandhi Wrehatnala lajeng nyaketi
Salindri maringi pusaka Brahmastra supados dipunlebetaken wonten Sendhang
Panguripan. Salindri lajeng ethok-ethok mendhet toya pancuran, kalih
nglebetaken pusaka. Sanalika toya dados panas sanget, mila ngepasi Rajamala
kalah malih lan dipunlebetaken wonten toya Panguripan. Boten gesang malih.
Malah badanipun lebur tanpa sisa. Mangertos kedadosan punika adikipun inggih
Kicakarupa lan Rupakica majeng
sesarengan nglawan Bilawa. Kalih-kalihipun ugi pejah. Mireng bab punika, Prabu
Susarma saking negeri Trigarta kaget. Prabu Susarma lajeng manggihi Prabu
Suyudana saking negari Astinapura. Kekalihipun lajeng nyawiji badhe numpes
Wirata. Kesatria Wirata, Seta, Utara lan Raden Wratsangka cecawis badhe nglawan
mengsah. Dumugi watesipun Negeri Wirata Pasukan Trigata lan Astina dipunpapag
Pasukan Wirata. Prang ageng boten saged dipunindhani malih. Perang sakawit
imbang, nanging dangu-dangu pasukan Wirata kewalahan. Pasukan Wirata mundur
saking madyaning laga. Utara lajeng mlebet wonten Keputren. Utara kepingin
majeng perang malih ngangge kreta perang. Nanging boten wonten ingkang saged nitihi
kreta wau. Kandhi Wrehatnala siyaga dados sais, nanging Utara boten purun
menawi dipunsaisi dening tiyang banci. Kandhi Wrehatnala lajeng dipungeret
minggah wonten kreta perang majeng perang malih. Utara lajeng mlesataken panah
dhateng musuh-musuhipun. Dumadakan Kandhi Wrehatnala nglampahaken kretanipun
ngantos dumugi ing satunggaling Goa. Ing mriku piyambakipun madosi senjatanipun
ingkang dipungantung wonten plangitan goa ingkang dipunwungkus mawi kain pethak
kados pocong. Kandhi Wrehatnala lajeng lenggah wonten wingking, dene Utara
dados kusiripun. Kanthi kesaktian kados Arjuna, Kandhi Wrehatnala saged
ngasoraken sedaya mengsahipun. Adipati Karna kaliyan Pandhita Durna priksa
menawi Kandhi Wrehatnala punika boten sanes inggih Arjuna.
Ing Kraton Wirata, Prabu Matswapati saweg
pangandikan kaliyan Tanda Dwijakangka penasehatipun. Panjenenganipun
mesthekaken menawi Wirata menang dening Utara. Nanging Tanda Dwijakangka
sanjang menawi ingkang ngasoraken sanes Utara nanging Kandhi Wrehatnaka. Prabu
Matswapati duka mireng kabar menika, lajeng tutup dhadhu ingkang wonten
caketipun diputhuthukaken wonten pasuryanipun Tanda Dwijakangka ngantos
ngedalalen rah kathah. Let sekedhap Utara lumebet wonten kedhaton, dipunpapag
kados pahlawan perang. Utara boten purun awit ingkang ngalahaken Kandhi
Wrehatnala yang sebenarnya Arjuna. Sedang yang duduk disebelahnya adalah Punta
Dewa. Prabu Matswapati kaget lan getun
sampun nuthuk ngantos ngedalaken rah.
Utara lajeng ngudang sedaya Pandhawa, inggih Prabu
Punta Dewa, Werkudara, Arjuna, Nakula lan Sadewa supados ngarsa dhateng Eyang
Prabu Matswapati. Prabu Matswapati ngendika menawi Pandhawa wonten Wirata
punika boten masalah, malah matur nuwun sampun dipunslametaken saking
peperangan ageng. Pandhawa nyuwun pangapunten sampun memba-memba wonten Wirata.
Salajengipun, Prabu Kresna kaliyan Patih Setyaki rawuh wonten Wirata, saperlu
rembagan bab hak-hakipun Pandhawa. (Alih Bahasa : Eko Hastuti)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar