Assalammu'alaikum wr wb!
Kagem para kadang sutrisna ingkang dereng nate tindak dhateng Wonosobo punika salah satunggalih papan wonten punjering kitha. Inggih Pendhapa Bupati Kabupaten Wonosobo ing sisih leripun alun-alun wonosono. Sampun sawetawis wekdal ing pintu gerbang-ipun cumondhok artefak candhi Dieng ing sisih kering kananipun. Kahanan lajeng kraos benten, kadosdene kawontenan ing sakiwatengenipun kitha Borobudur. Raos seni ugi mambet-mambet nilai sejarah lajeng tumrecep wonten manah. Mratandhani bilih kitha Wonosobo punika ugi nyimpen cariyos legendha ugi sejarah nggadhahi gegayutan kaliyan penyebaran agama Hidhu lan Budha awit saking wontenipun tilaran candhi ing tlatah Dieng lan sanesipun. Muturut asal-usulipun Wonosobo kabubak kawah dening priyayi tiga, inggih punika Kyai Walik, Kyai Karim lan Kyai Kolodete. Gambar punika kapundhut dening Bapak Onie Wiyono ingkang ngasta wonten Dinas Pariwisata Kabupaten Wonosobo. Mangga kasetitekaken kemawon gambaripun, mbokbilih samangke lajeng kepingin tindak dhateng Wonosobo. Dene kagem para warga Wonosobo ingkang badhe mudik, ampun kesupen ngenggar-enggar penggalih woten alun-alun ingkang sapunika panci dados salah satunggaling panggenan alternatif kangge wisata, olah raga, ugi kagem sesadeyan para pedagang kaki lima. Sawernining jajanan (kuliner) wonten, kacawisaken sumangga kantun milih kemawon. Punapa malih menawi ngepasi dinten Minggu, alun-alun ketingal regeng sanget.
Sugeng Rawuh wonten Wonosobo ASRI (Aman, Sehat, Rapi lan Indah).
Nuwun Wassalammu,alaikum Wr WB.
Jumat, 17 Agustus 2012
Kamis, 16 Agustus 2012
MERCON NGOBARAKE WIT RINGIN
| Kembang api ing alun-alun |
WONOSOBO - Ing wulan
pasa iki, alun-alun Wonosobo dadi papan sing narik kawigaten para pengunjung.
Kejaba papane kang jembar tur resik, alun-alun direnggani dening maneka lampu
kang tumata apik. Uga wit-wit ringin
kang gedhe dhuwur lan ngrembayah godhonge
pancen mrebawani yen disawang ing wayah remeng-remeng/bengi. Regemenge wit
ringin mau gawe swasana kang ngresepake kanggo padha jejagongan utawa
rerempon. Ya, ing papan mau, dina Rebo wingi, 15 Agustus 2012 wetara jam 19.00
WIB wayah ngarepake Sholat Isya ada kedadeyan kobaran. Salah sijine wit ringin
ing sangarepe pendhapa lan cepak Tiyang Bendera iku kobaran amarga kena
jumebluke mercon kang disumet dening salah satunggaling pengunjung alun-alun. Kobaran
kang saya suwe saya gedhe ndadekake kuwatire warga kang weruh kadadeyan mau.
Mula banjur ana sing ngabari petugas Dinas Kebakaran Kabupaten Wonosobo kang
ndilalah papane cepak karo alu-alun. Penere ing sisih kulon alun-alun
kira-kira 200 meter.
Ora wetara suwe,
petugas banjur kasil mateni geni sing wiwit mbulat-mbulat.
| Endahe kembang api dianggo begraund foto-foto |
Kadadeyan iki bisaa
dari pepiling para warga mligine sing seneng nyumet mercon ana alun-alun.
Senajan nyumet mercon lan kembang api bisa nambahi sesawangan kang endah ing
alun-alun wayah bengi, nanging perlu
diwaspadhakake kedadeyan kaya mau. Durung yen, mercon mau ngenani pawongan kang
nyumet apamaneh ngenani wong liya sing padha nonton utawa liwat. Kanthi anane kedadeyan
mau, perlu digatekake dening para pawongan sing seneng nyumet mercon.
| Wit ringin kang kobaran |
Kanyata
mercon iku bisa gawe musibah sing ngrugeni masyarakat lan pamarentah. Wit
ringin ing alun-alun iku nduweni mupangat werna-werna. Kejaba endah disawang,
bisa ngetokaken oksigen kang diperlokake kanggo ambegan, nyedhot gas
karbondioksida sing metu saka maneka warna kendaraan kang liwat ngubengi
alun-alun, uga kena kanggo ngeyup pasarta upacara bendera ing pengetan dina-dina gedhe. Luwih-luwih ing sangisore alun-alun
wis kacawisake papan-papan permanen kanggo lelungguhan. Coba menawa wit ringin padha rusak/mati, kahanan ing alun-alun mesthi dadi beda.
(Foto kajepret dening Gilang Permana)
Minggu, 12 Agustus 2012
PAEDAHIPUN SIYAM ING WULAN RAMADHAN
Boten
kraos dinen Riyaya tahun punika (2012)
kantun seminggu malih. Ateges anggenipun kula panjenegan sami ingkang nidakaken
ngibadah siyam sampun tigang minggu lumampah. Ingkang dados penggalihan wonten
mriki, “ Punapa siyam kita sampun kalampahan kados dhawuhipun Alloh SWT?”.
Siyam ingkang boten namung nyegah dhahar lan ngunjuk wiwit fajar ngantos
angslupipun baskara ing wanci ngajengaken magrib. Punapa siyam kita namung
sadremi nglampahi kadosdene budaya ingkang sampun dipuntilaraken para leluhur
saderengipun ngancik dinten Riyaya?. Punapa siyam kita sampun andadosaken jiwa
kita ngalami ewah-ewahan dhumateng kasaenan, kashalehan, kaikhlasan, lan
sapanunggalanipun? Mangga dipunpenggalih piyambak-piyambak. Seratan punika dhawah
namung kagem pepiling mliginipun dhateng kula piyambak, sumrambahipun dhumateng
panjenengan sami.
Dasaripun wajib siyam :
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا
كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ
لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
He,
wong-wong kang padha iman, diwajibkan kanggo kowe kabeh pasa kaya dene
diwajibake wong-wong sadurungmu supaya kowe kabeh padha takwa (Al-Baqoroh 183).
Siyam ingkang
dipunwajibaken dhateng sedaya umat muslim ingkang mukallaf (baliqh lan
nggadhahi ngelmu), mampu nindakaken siyam, lan mukim
(sanes musafir ingkang tebihipun kirang langkung 82 km) punika sajatosipun
nggadhahi pinten-pinten paedah. Paedahipun inggih punika saged kangge nyegah
hawa napsu, ngirangi syahwat, minangka srana kangge nukulaken raos eman lan
remen tetulung dhateng fakir miskin, kaliyan saged nyegah saking tumindak maksiyat.
Paedahipun
siyam ing wulan ramadhan, antawisipun :
1. Kangge
nglatih sikap disiplin wekdal : kita dipunlatih disiplin kapan kedah dhahar lan
ngunjuk, kapan kedah nahan hawa napsu, kapan wekdalipun sholat wajib, buka, sholat tarawih, iktikaf,
maos Al Qur'an kita tindakaken wekdalipun.
2. Nggladhi
gesang ingkang imbang antawisipun nyambut damel kaliyan ngibadah. Anggenipun
nyambut damel tetep grengseng (semangat) nanging anggenipun ngibadah ugi
dipuntingkataken.
3. Nglatih
supados kula panjenengan sami nengenaken raos pasedherekan lan silaturohmi.
Upaminipun caos takjil/jaburan kangge buka sareng-sareng, tadarus sesarengan,
sholat tarawih kanthi jama’ah, ningkataken sedekah wonten masjid lan sanesipun,
mbayar zakat, lan sapanunggalanipun.
4. Gladhen
ngraosaken rekaosipun tiyang fakir miskin, ingkang tansah ngelih lan ngelak. Bab
punika andadosaken gampil ngraosaken (empati), remen nggatosaken kekiranganipun
tiyang sanes (simpati), lan remen tetulung tiyang ingkang rekaos (peduli).
5. Nglatih
sikap ingkang tansah eling dhateng ancasipun gesang. Gesang wonten ngalam donya
punika boten sanes inggih supados ngibadah dhateng Alloh. Nindakaken sedaya
dhawuhipun lan nilar punapa kemawon larangan-laranganipun. Tiyang punika dados kholifah (utusan ingkang saged
mimpin), utamanipun mimpin dhiri pribadhi.
6. Minangka
srana kangge nglatih supados sedaya ingkang dipuntindakaken ing ngalam donya
nggadhahi nilai ibadah. Wujudipun ngibadah boten namung sholat, ngaji, dzikir,
lsp, nanging sedaya kegiatan kadosta makarya, tetulung, tilem, mesem, lsp ugi
dados ibadah menawi katindakaken kanthi ikhlas lan krana Alloh SWT.
7. Ndadosaken
ngatos-atos ing samubarang tumindak, utamanipun ingkang njalari dosa. Dados
siyam boten namung nyegah dhahar kaliyan ngunjuk, namung ugi ngilari bab-bab
ingkang saged mbatalaken lan ngrisak siyam kados ngrasani tiyang sanes ingkang
awon-awon, ngapusi, mriksani bab ingkang nuwuhaken dosa, lan sapiturutipun.
8. Ndadosaken
kita kiyat ngadhepi maneka warni pacoban
lan alanganing gesang.
Upaminipun
ngadhepi perkawis lajeng saged langkung sabar lan ikhlas, boten gampil duka,
boten nggadhahi panduga awon (berprasangka buruk), lan sanes-sanesipun.
9. Nglatih
gesang kanthi sehat lan prasaja.
Kanthi
nindakaken siyam, ateges ngendheg aktifitas organ tubuh kangge ngolah tetedhan ingkang
lumebet wonten padharan. Bab punika migunani tumrap peremajaan sel-sel enggal
menawi sasampunipun buka ugi tansah njagi dhaharipun namung sacekapipun. Kados
welingipun nabi Muhammad SAW, amrih kendel anggenipun dhahar saderengipun
tuwuk. Dene gesang prasaja punika gesang ingkang samadya kemawon, boten
mubra-mubru (boros).
10. Nuwuhaken
raos syukur bilih sampun kaparingan gesang kanthi sehat, dalah sedaya
kanikmataning gesang ingkang boten saged kaetang mbaka satunggal.
Sinaosa
siyam punika nggadhahi mupangat ingkang kathah, nanging sedaya wau gumantung
pribadhinipun piyambak-piyambak. Namung Gusti ingkang Akarya Jagad ingkang
priksa kualitas siyam kita. Panci ibadah siyam punika ibadah ingkang sipatipun
pribadhi. Sok sintena ingkang saged nglampai kados dhawuhipun Alloh, insyaalloh
manggihi paedah-paedah kala wau. Dene kosok wangsulipun, saged ndadosaken
kawontenan ingkang sikap hidup konsumtivisme kados dipunngendikakaken sedherek
Sawali Tuhu Setya wonten : http://networkedblogs.com/
Mangga saged dipunwaos piyambak ingkang lodhang lan kesdu ngangsu kawruh bab
punika. Nuwun. Sugeng siyam!
Sabtu, 11 Agustus 2012
PANDHAWA NGENGER
Cariyos Pandhawa Ngenger punika nyariyosaken
Pandhawa sasampunipun nglampahi ukuman dipunbucal wonten wana Kamiyaka
lawasipun 12 taun. Pandhawa pikantuk ukuman malih dangunipun satunggal taun
inggih ukuman ngenger kanthi memba-memba dados paraga sanes supados boten
kadenanganan.
Katrangan :
Cariyos punika jarwan mawi basa krama alus saking, http://wayangpandawangenger.blogspot.com/ ingkang dipun andharaken dening Sunny Day. Dene naskah aslinipun migunakaken basa Indonesia.
Anggenipun memba-memba kados tiyang dusun ingkang
mlebet wonten kedhaton Wirata. Inggih wonten kedhaton punika Prabu Matswapati
jumeneng nata. Pandhawa nggadhahi pangajab supados katampi dados abdinipun
krajan Wirata. Pandhawa lajeng lumebet wonten ing kedhaton nanging boten
sesarengan. Anggenipun lumebet satunggal mbaka satunggal. Puntadewa memba-memba
dados brahmana kanthi asma Tanda Dwijakangka utawi Kangka. Kangka dipunutus
dados penasehat Prabu Matswapati. Bima
dados Bilawa dipuntugasi dados Jagal lan Juru masak kraton. Arjuna dados Kandi
Wrehatnala kajibah dados guru beksan wonten Keputren . Nakula dados Darmaganti
nggadhahi tugas nyawisaken turangga – turangga ingkang badhe dipuntitihi dening
para Pangeran Wirata. Dene Sadewa dados Tantripala pikantuk ayahan angen lembu.
Dewi Drupati garwanipun Puntadewa memba-memba dados Nyai Salindri pikantuk
ayahan dados juru rias kraton.
Sadangunipun nyamar kados mekaten, kathah prastawa
ingkang dipunlampahi dening Pandhawa. Rawuhipun Salindri wonten istana
ndadosaken Patih Kicakarupa tresna. Patih Kicakarupa nyuwun kaliyan Salindri
supados nglanggati napsunipun. Salindri ngakeni menawi piyambake garwanipun
salah satunggaling gandarwa. Kicakarupa boten pitados wangsulanipun Salindri
lan kepingin mbuktekaken kasunyatanipun cariyos Salindri. Salindri nyukani
wekdal supados Patih Kicakarupa rawuh
piyambak ing satengahing dalu wonten ing sapinggiripun lepen, temtu badhe
pinanggih kaliyan garwanipun Salindri. Salindri lajeng manggihi Jagal Bilawa
supados mbiyantu ngrampungaken masalahipun kaliyan Patih Kacakarupa. Bilawa
boten kawratan lan siyaga mbiyantu. Wakdal lingsir dalu Patih tindak dhateng pinggir lepen. Leres saestu Patih Kicakarupa
kepanggih kalihan gandarwa ingkang inggil ageng. Gandarwa nyuwun supados
Kicakarupa njugaraken krenteg awonipun, supados boten nggodha Salindri
garwanipun. Nanging Kicakarupa boten purun. Ngendikanipun, langkung sae seda
tinimbang nilaraken Salindri. Lajeng kedadosan perang antawisipun Kicakarupa
kaliyan Bilawa ingkang ngakeni minangka gandarwa. Patih Kicakarupa kadhesek
mundhur, lajeng mlajar sasampunipun dipunjotos mawangsul-wangsul kaliyan
gandarwa.
Sapunika Wirata nemahi rerusuh. Kicakarupa,
Rupakenca lan Rajamala ingkang taksih adik Prabu Matswapati, nyuwun supados
Prabu Matswapati lengser keprabon. Amargi
Krajan Wirata sampun boten mbetahaken Prabu Matswapati. Kraton Wirata
nyuwun gantosan raja ingkang cocog. Ingkang dipunanggep cocog inggih Kicakarupa.
Prabu Matswapati boten purun nuruti kekajengan punika. Kicakarupa lajeng nyuwun
dipunwontenaken adu jago kangge milih Raja Wirata. Kicakarupa milih adhikipun
inggih Rajamala ingkang dados jagonipun. Wekdalipun kantun seminggu nanging
Prabu Matswapati dereng pikantuk jagonipun. Lajeng nyuwun pamanggih dhateng
Kangka. Sanjangipun Kangka ingkang cocog inggih Jagal Bilawa, ingkang lajeng
dipunsetujoni.
Ing dinten ingkang sampun katemtokaken, Rajamala
kaliyan Bilawa sampun siap dipunadu. Rajamala ewet dipunkalahaken. Nanging
nalika lena, Bilawa saged nyengkerem lan nyuwek jaja lan padharan Rajamala
ngantos tiwas. Kicakarupa kaliyan Rupakica lajeng nggotong Rajamala dhateng
Sendhang Panguripan ing wingking Kedhaton. Sasampunipun dipunlebetaken wonten
tonya, lajeng gesang malih. Rajamala majeng perang malih lajeng tiwas malih.
Kajeguraken toya malih, gesang malih. Mekaten ngantos wongsal-wangsul. Bilawa
ngantos kuwalahen telas tenaganipun. Mila, Kandhi Wrehatnala lajeng nyaketi
Salindri maringi pusaka Brahmastra supados dipunlebetaken wonten Sendhang
Panguripan. Salindri lajeng ethok-ethok mendhet toya pancuran, kalih
nglebetaken pusaka. Sanalika toya dados panas sanget, mila ngepasi Rajamala
kalah malih lan dipunlebetaken wonten toya Panguripan. Boten gesang malih.
Malah badanipun lebur tanpa sisa. Mangertos kedadosan punika adikipun inggih
Kicakarupa lan Rupakica majeng
sesarengan nglawan Bilawa. Kalih-kalihipun ugi pejah. Mireng bab punika, Prabu
Susarma saking negeri Trigarta kaget. Prabu Susarma lajeng manggihi Prabu
Suyudana saking negari Astinapura. Kekalihipun lajeng nyawiji badhe numpes
Wirata. Kesatria Wirata, Seta, Utara lan Raden Wratsangka cecawis badhe nglawan
mengsah. Dumugi watesipun Negeri Wirata Pasukan Trigata lan Astina dipunpapag
Pasukan Wirata. Prang ageng boten saged dipunindhani malih. Perang sakawit
imbang, nanging dangu-dangu pasukan Wirata kewalahan. Pasukan Wirata mundur
saking madyaning laga. Utara lajeng mlebet wonten Keputren. Utara kepingin
majeng perang malih ngangge kreta perang. Nanging boten wonten ingkang saged nitihi
kreta wau. Kandhi Wrehatnala siyaga dados sais, nanging Utara boten purun
menawi dipunsaisi dening tiyang banci. Kandhi Wrehatnala lajeng dipungeret
minggah wonten kreta perang majeng perang malih. Utara lajeng mlesataken panah
dhateng musuh-musuhipun. Dumadakan Kandhi Wrehatnala nglampahaken kretanipun
ngantos dumugi ing satunggaling Goa. Ing mriku piyambakipun madosi senjatanipun
ingkang dipungantung wonten plangitan goa ingkang dipunwungkus mawi kain pethak
kados pocong. Kandhi Wrehatnala lajeng lenggah wonten wingking, dene Utara
dados kusiripun. Kanthi kesaktian kados Arjuna, Kandhi Wrehatnala saged
ngasoraken sedaya mengsahipun. Adipati Karna kaliyan Pandhita Durna priksa
menawi Kandhi Wrehatnala punika boten sanes inggih Arjuna.
Ing Kraton Wirata, Prabu Matswapati saweg
pangandikan kaliyan Tanda Dwijakangka penasehatipun. Panjenenganipun
mesthekaken menawi Wirata menang dening Utara. Nanging Tanda Dwijakangka
sanjang menawi ingkang ngasoraken sanes Utara nanging Kandhi Wrehatnaka. Prabu
Matswapati duka mireng kabar menika, lajeng tutup dhadhu ingkang wonten
caketipun diputhuthukaken wonten pasuryanipun Tanda Dwijakangka ngantos
ngedalalen rah kathah. Let sekedhap Utara lumebet wonten kedhaton, dipunpapag
kados pahlawan perang. Utara boten purun awit ingkang ngalahaken Kandhi
Wrehatnala yang sebenarnya Arjuna. Sedang yang duduk disebelahnya adalah Punta
Dewa. Prabu Matswapati kaget lan getun
sampun nuthuk ngantos ngedalaken rah.
Utara lajeng ngudang sedaya Pandhawa, inggih Prabu
Punta Dewa, Werkudara, Arjuna, Nakula lan Sadewa supados ngarsa dhateng Eyang
Prabu Matswapati. Prabu Matswapati ngendika menawi Pandhawa wonten Wirata
punika boten masalah, malah matur nuwun sampun dipunslametaken saking
peperangan ageng. Pandhawa nyuwun pangapunten sampun memba-memba wonten Wirata.
Salajengipun, Prabu Kresna kaliyan Patih Setyaki rawuh wonten Wirata, saperlu
rembagan bab hak-hakipun Pandhawa (Eko Hastuti)
Langganan:
Postingan (Atom)
